Stilistika punika kadamel saking tembung stilistics ing salebeting basa Inggris ingkang kadhapuk saking kaléh tembung inggih punika stilist lan ics. Stilistika inggih punika ngèlmu ingkang ngrembag babagan leléwaning basa ingkang dipun-ginakaken ing salebeting karya sastra; ngèlmu interdisipliner antawis linguistik lan kasusastraan.[1]

Ruang lingkup stilistika kapérang dados kalih, inggih punika ruang lingkup ingkang gadhah gegayutan kaliyan objek stilistika lan ruang lingkup nggayut kaliyan objek ingkang dipunanalisis ing panaliten lumantaring biografi, sajarah sastra, lan pèriode tartamtu.[2]

Stilistika ana kaitane karo babagan cabang lan tataran linguistik. Tuladhané, ing kajian panganggone basa ing susastra lan efektivitas panggunaane, gelem ora gelem dhéwé nyedak'i sosiolinguistik.[3]. Miturut karakteristik susastra iku dhéwé, ana kajian kang pinuju ing tataran fonologi, morfologi, sintaksis utawa semantik, lan ora arang ing sebagean tataran. Tuladhané kanthi cara sing gampang wong padha nggayutaké geguritan karo fonologi amarga merduné swara, padhané swara utawa swara kang dibalèni wujud sarana stilistik kang umum ana ing geguritan.[3].

Stilistik iku minangka subsidiplin linguistik kang ngarahké pandangan maring teks-teks sastra. Stilistik nerapaké metode-metode struktural maring teks-teks sastra. Saliyané iku itu didelok saka perspektif liyané, stilistik bisa dipahami minangka disiplin otonom kang nyoba nerapaké kanthi efektif metode-metode kang linguistik utawa eilmu sastra[4].

Ing pirembagan Gaya Basa Sastra, sastrawan nagara Keris Mas, Dewan Basa dan Pustaka, Kuala Lumpur (1988:8) ngartèkaké yèn stilistika ora béda saka kajian stail kang ngrembug sakabèhané pepestèning gaya kasusastraan kanggo mbiji lan éntuk paham sing bener babagan sawijining teks kasusastraan [5]

Ing sajeroning Stylistics, Harmondworth Penguin Book Tunner (1977:7)ngrumusaké yèn stilistika ya iku péranganing linguistik kang musatakè pandangané ing variasi panggunakan basa mligi basa ing kesusastraan. Adhedasar sakabehané jlèntrèhan ing dhuwur mau bisa dirumusaké yèn: 1) Stilistika iku ngèlmu interdisipliner linguistik karo sastra. 2) Stilistika iku ngèlmu babagan panggunakan basa ing karya sastra. 3) Stilistika iku ngèlmu gaya basa kang digunakaké ing wacana sastra. 4) Stilistika iku ngandhut wacana sastra kanthi orientasi linguistik.

sajarah stilistika

besut

Kawit jaman Plato (427-317 SM) lan Aristoteles (384-322 SM)sabeneré wes ana kajian linguistik babagan prosès proaktif ing kesusastraan. Zaman Plato lan Aristoteles manawa kadohen saka zamané kita. Ing taun 1916 wes metu sawijining tembung saka pirembagan sastrawan lan basa kanthi akhiran Formolisme Ruslan, jeneng buku kui The Studi In Theory of Puitics Language. Ing taun 1923 Roman Jakobsan nulis babagan geguritan Ceko kang nerapaké kriteria semantik modern ing pambasan struktur lan tata rakiting geguritan.

Ing taun 1957, Chomsky mbukak pandangan anyar ing linguistik ana ing panerbitan bukuné Syntactic Structures. Kesusastraan ngrasakaké akibat saka pandangan anyar kui. Ing awalé, sastrawan lan kritikus sastra nggunakaké manfaat pengkajian linguistik ing karya sastra. Akèh anggepan pengkajian kui mau bakal ngrusak endahing seni karya sastra kui. Suwe ning suwé sansoyo disadari yèn pandekatan linguistik minangka salah sawijining pandekatan kang bisa minangka nemu makna karya sastra.

Analisis stilistika ngupayakaké ngganti subyektif lan impressionisme kang digunakaké kritikus sastra kanggo pedoman nalikané neliti karya sastra nganggo sawijining pengkajian kang relatif luwih obyektif lan ilmiah. [5]

Ing taun 1973, metu Stylistics,karangan G.Tunner Harmsondworth, Penguin Books. Ing taun 1980, metu buku Linguistics;for Students of Literatur A Stylistics Introduction of the study of Literatur Pergamo Fustitut of English, Oxford karangan Michael Cumming lan Robert Simon. Ing taun 1985, ana buku Stylistics and Teaching of Literature. Ing Malaysia, stilistika uga ngalami pangrembakan. ing taun 1966, Yunus wes akèh nulis makalah stilistika. Dhèwèké kalebu pakar stilistika, ing sandhingé Mohammad Yusof Hasan lan Shahran Ahmad, makalah Yunus wes dibukak nganggo judhul Dari Kata ke Ideologi panerbit Fajar Bakti, Petalung Jaya 1985

cathetan sikil

besut
  1. Kridalaksana, Harimurti. 2008. Kamus Linguistik. Jakarta: Gramedia Pustaka;kaca 157
  2. Ratna, Nyoman Kutha. 2009. Stilistika: Kajian Puitika Basa, Sastra, dan Budaya. Yogyakarta: Pustaka Pelajar; kaca 19
  3. a b Sudjiman, Panuti. 1993. Bunga Rampai Stilistika. Jakarta: Grafiti; kaca 4
  4. Budiman, Kris. 2006. kosa semiotika. Yogyakarta: LKIS; kaca 111
  5. a b [1][pranala mati permanèn];kaca 3