Sumur
Sumur utawa perigi ya iku sumber banyu kang ditampung ing siji dhudhukan lemah lan bisa dimumpangatake kanggo kaperluan sadina-dina..[1] Saliyané sumur kang ngasilaké banyu, ana uga sumur kang ngasilaké lenga utawa gas.[1] Sumur tradhisional utawa sumur gowak wujud bolongan rada gedhé kang dikupengi témbok ing pinggiré.[1] Banyu kang ana ing sumur banjur ditimba nganggo èmbér kang diwénéhi tali.[1] Èmbér kang diwénéhi tali iki mau diarani timba.[1] Sumur ing kutha-kutha gedhé ing Indonésia ukurané cilik, gedhéné kurang luwih sak pipa pralon.[1] Banyu kang ana ing jero sumur banjur disedhot supaya munggah nganggo kompa.[1] Kompa iki diarani kompa banyu.[1]
Sumur bor
besutSumur bor ora kena cedhak karo Septic tank, awit baktéri e-coli ing banyu disebabaké septic tank.[2] Sumur bor kuduné digawé kanthi jarak paling sithik 5 mèter saka septic tank.[2] Jeroné sumur kang 15 mèter luwih apik awit ora gampang kena pencemaran baktéri, mligi ing kutha-kutha gedhé.[2] Sumur bor apa déné sumur dhudhug kena diwénéhi tawas yèn banyuné buthek.[2] Tawas ya iku zat kang bisa nggawé bening banyu sumur.[2] Salah sijiné teknik kanggo nemtokaké titik pengeboran kang pernahé duwé cekung banyu utawa sumber banyu kang akèh ya iku kanthi metode Geolistrik.[2] Metoda iki merlokaké lahan kanggo survei kanggo nemu sumber banyu ing njero lemah.[2] Kanthi teknik resistivity bakal bisa nemtokaké tahanan kang dipaské karo kontur lemah utawa jinis watu kang dadi sumber banyu.[2] Kanthi cara iki banjur bisa nemtokake sepira jerone kanggo nemu banyu kang akèh lan duwé kualitas apik.[2] Kagiyatan survei geolistrik iki bisa mikoléhi informasi kaanan lemah kamg jeroné nganti 150 mèter.[2]
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |