Tèh ireng luwih kaoksidasi tinimbang rupa tèh ijo, oolong lan putih; kapapat varietas iku kagawé saka godhong Camellia sinensis. Tèh ireng lumrahé luwih krasa manteb lan luwih akèh ngandhut kafein tinimbang tèh sing ora teroksidasi.

Tèh ireng

Sajeroning basa Cina lan basa-basa sing kanthi kultural kadayan, tèh ireng dikenal minangka tèh abang (, Basa Mansakan hóngchá; basa Jepang kōcha; basa Koréa hongcha),manawa minangka deskripsi luwih akurat saka warna banyuné. Nangig, jeneng tèh ireng bisa uga tegesé warna godhong sing kaoksidasi. Sajeroning basa Cina, tèh ireng iku klasifikasi sing umum dipigunakaké tumrap tèh pascafermentasi, kaya déné tèh Pu-erh. Nanging, ing donya Kulon, "tèh abang" racaké tegesé tisane rooibos saka AfrikaKidul.

Yèn tèh ijo racaké kélangan rasané ing sajeroning wektu setaun, rasa tèh ireng tetep tahan nganti sawatara taun. marga saka iku, tèh ireng wis suwé didagangaké, lan balok tèh ireng sing dipadhetaké malah dadi dhuwit de facto ing Mongolia, Tibet lan Siberia ing abad kaping-19[1].

Istilah tèh ireng uga dipugunakaké kanggo nggambaraké secangkir tèh tanpa susu, mèmper karo kopi sing disuguhaké nganggo susu utawa krim. Ing nagara-nagara Persemakmuran, tèh ireng racaké ora diombé langsung nanging diwènèhi susu.

Rujukan

besut
  1. Ken Bressett "Tea Money of Cina" International Primitive Money Society Newsletter Number 44, Agustus 2001

Pranala njaba

besut