Tata jeneng IUPAC

Tatajeneng IUPAC iku sistem pamènèhan jeneng senyawa kimia lan panjlasan èlmu kimia kanthi umum. Tatajeneng iki dikembangaké lan dimutakiraké ing sangisoré pangawasan International Union of Pure and Applied Chemistry (IUPAC).

Aturan pamènèhan jeneng senyawa organik (tatajeneng organik) lan inorganik (tatajeneng anorganik) diamot sajeroning rong publikasi, kang ditepungi kanthi jeneng Blue Book [1] lan Red Book [2]. Publikasi katelu, kang ditepungi kanthi jeneng Green Book [3], ngamot rékomèndhasi kanggo panggunaan simbol kanggo kuantitas fisik (kanthi kerja bebarengan karo IUPAP). Sauntara iku, buku kapapat, Gold Book [4], ngamot dhéfinisi saka akèh istilah tèknis kang dipigunakaké sajeroning kimia. Ana uga publikasi sarupa kanggo biokimia [5] (kanthi kerja bebarengan karo IUBMB), kimia analitik [6], sarta kimia makromolekular [7]. Kabèh publikasi iki dijurung déning rékomendhasi kang luwih cendhak kanggo kaanan spèsifik kang dipublikasikaké kanthi berkala sajeroning jurnal Pure and Applied Chemistry.

Rujukan

besut
  1. Nomenclature of Organic Chemistry, Oxford:Pergamon Press, 1979; A Guide to IUPAC Nomenclature of Organic Compounds, Recommendations 1993, Oxford:Blackwell Scientific Publications, 1993. (ISBN 3-540-41138-0)
  2. Nomenclature of Inorganic Chemistry, Recommendations 1990, Oxford:Blackwell Scientific Publications. (1990) (ISBN 0-85404-487-6, 2nd ed)
  3. Quantities, Units and Symbols in Physical Chemistry (2nd Edn.), Oxford:Blackwell Scientific Publications. (1993)
  4. Compendium of Chemical Terminology, IUPAC Recommendations (2nd Edn.), Oxford:Blackwell Scientific Publications. (1997)
  5. Biochemical Nomenclature and Related Documents, London:Portland Press, 1992.
  6. Compendium of Analytical Nomenclature, Definitive Rules 1997 (3rd Edn.), Oxford:Blackwell Scientific Publications, 1998.
  7. Compendium of Macromolecular Nomenclature, Oxford:Blackwell Scientific Publications, 1991.

Pranala njaba

besut