Tembung éntar
Tembung Éntar ya iku tembung loro utawa luwih sing digabung dadi siji lan tegesé dadi béda saka asal-usulé. Tembung éntar tegesé ora kaya teges saluguné (kata kiasan) utawa tembung kang ora kena ditegesi sawantahé baé. Ing basa Indonésia diwastani tembung silihan (kiasan), ing basa Walanda diwastani Figuurlijke betekenis.
Tuladha tembung éntar:
A
besut- Abang kupingé tegesé nesu
- Abang-abang lambé tegesé Ora tenanan/ lamis
- Abang rainé tegesé nandhang isin
- Abot sanggané tegesé rekasa
- Adol ayu tegesé pamèr ayu
- Adol kringet tegesé nyambut gawé abot banget
- Amba jangkahé tegesé akèh pangudiné
- Ala jenengé tegesé ora bisa dipercaya
- Ati kethul tegesé ora bisa ngrasa
- Atiné momot tegesé sabar banget
B
besut- Mbalang liring tegesé nglirik
- Bening ati tegesé sumèh
- Buwang tilas tegesé nutupi tumindak ala
- Bau tengen tegesé wong sing dipercaya
C
besut- Cagak urip tegesé kanggo nyukupi kabutuhan urip
- Cangkemé gatel tegesé seneng ngrasani
- Cangkem turah tegesé kakèhan ngomong sing ora perlu
- Cendhak umuré tegesé gelis mati
- Cepak jatukramané tegesé rikat olèh jodho
- Cupet atiné tegesé gampang nesu
- Cupet pangandel tegesé ora percaya
D
besut- Dawa tangané, tegesé clemer, seneng nyolong.
- Dawa ususe tegesé sabar
- Ndhedher kautaman tegesé nandur kabecikan
- Dhuwur atiné tegesé gumedhe
E
besut- Empuk rembugé tegesé kepénak omongané
- Entek atiné tegesé kuwatir banget
- Èntheng tangané tegesé seneng milara
F
besutG
besut- Gantung kepuh tegesé nyandhang ora ganti-ganti
- Gantung untu tegesé selak arep mangan
- Gedhé atiné tegesé teguh, tatag
- Gilik rembugé tegesé padha sarujuk
- Gilud kawruh tegesé mempeng sinau
H
besutI
besut- Idu geni tegesé omongané mesthi kelakon.
- Ijo matané tegesé seneng dhuwit
- Ilang klilipé tegesé ilang mungsuhé
J
besut- Jembar kawruhé tegesé pinter
- Jembar kuburé tegesé lumebu suwarga
- Jembar segarané, tegesé seneng ngapura kasalahané liyan
K
besut- Kakéhan tangan tegesé kakéhan sing tandang gawé
- Kaku atiné tegesé gampang nesu
- Kandel kupingé tegesé ora nggugu pitutur
- Kuat isin tegesé ora tau isin
L
besut- Landhep bahuké tegesé lantip, pinter, wasis
- Lara owah tegesé édan
- Lunyu ilaté tegesé méncla-ménclé
M
besut- Manis eseme tegesé èsem ngresepakake ati
- Mata yuyu tegesé gampang nangis
- Matèni pangan tegesé gawé ilang rejekiné wong liya
- Métani luput tegesé nggolèki luputé
- Lumaku nengen tegesé tumindak bener lan jujur
- Lumaku ngiwa tegesé tumindak culika, tumindak ala utawa nasingsir saka paugeran
N
besut- Ngabangake kuping tegesé nggawé nesu
- Ngangsu kawruh tegesé meguru
- Ngemut driji tegesé ora olèh apa-apa
- Nggedhèkaké puluk tegesé nengenaké mangan
- Ngilani dhadha tegesé nantan
O
besutP
besut- Padhang jagaté tegesé katon tentrem
- Padhang ulaté tegesé sumèh
- Peteng atiné tegesé kuciwa, serik
- Puput yuswa tegesé séda
R
besut- Rai gedhèg tegesé ora duwé isin
- Rengga praja tegesé njaga pribadi
- Rupak segarané tegesé ora gampang ngapura
S
besut- Sabuk gelang tegesé sugih sawah
- Sumpek atiné tegesé susah banget
T
besut- Tanpa tilas tegesé ora oléh gawé
- Tipis lambéné tegesé seneng rerasan
U
besut- Utang pati tegesé gawé patiné liyan
W
besut- Wedi getih tegesé jirih
- Weteng karèt tegesé akèh mangané