Tembung camboran

rong tembung utawa luwih sing digandheng dadi siji

Tembung camboran (basa Indonésia: kata majemuk), iku rong tembung utawa luwih kang digandhèng dadi siji ngliwati siji prosès morfologi. Prosès morfologi yaiku prosès owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, kang duwé kategori lan makna wutuh, saéngga polimeorfem iku karan tembung. Sajeroning basa Jawa, ana telung prosès morfologi kang disinaoni, yaiku: prosès wuwuhan (pengimbuhan), prosès rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Prosès camboran (pemajemukan) yaiku prosès panggabungan morfem dhasar, kang biyasa digabung yaiku lingga karo lingga liyané. Camboran dipérang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran kang konstruksiné digabung, saéngga ngasilaké siji makna. Déné camboran udhar wujud camboran kang konstruksiné kapisah lan tegesé isih digabung, saliyané iku unsuré isih bisa digolèki.

Miturut wutuh orané

besut

Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yaiku:

  • Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
  • Déné wujud sijiné yaiku wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.

Miturut gayutan wanda

besut

Miturut gayutan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yaiku:

  • Tembung camboran kang duwé teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa "saha".
  • Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
  • Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

Tembung garban

besut
Deleng uga: Tembung garba

Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wandamenga (basa Indonésia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung mau banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung iku banjur karan tembung garban. Tuladha:

  • a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
  • a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
  • a + e = e
Warna + edi = warnèdi
  • a + u = o
Wira + utama = wirotama
  • i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
  • u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng

Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda mau uga dadi sandhigarban. Tuladha:

  • sa +ulah = solah
  • sami + a = samya
  • ke + legi + an = kelegèn

Wacan

besut
  • Kawruh Basa Jawa Pepak, Daryanto S.S., Penerbit Apollo Surabaya, 1999.
  • Tata Basa Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. etal., Penerbit Media Abadi Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2005, ISBN 979-3525-50-9.
  • Paramasastra Basa Jawa, Dr. Aryo Bimo Setyanto, SH., Penerbit Panji Pustaka, Yogyakarta, Cetakan Pertama Agustus 2007, ISBN 979-25-2732-X.