Tembung karo iku bisa mengku teges warna-warna, gumantung kepriyé ukarané. Tembung karo ing ukara “Agung karo Wening ditimbali Pak Guru” mengku teges “Ian lan uga”. Tembung karo ing ukara “Wening nuli wiwit nembang karo njogèd ing ngarsané para tamu” mengku teges “bebarengan anggoné nindakaké”.

Wening nuli wiwit nembang karo njogèd ing ngarsané para tamu.

Panganggoné

besut

Panganggoné tembung karo ing ukara-ukara kang kanggo conto iku wis Iaras karo tegese. Ananging, panganggoné tembung karo ing ukara “Wening diwarahi njogèd karo Agung” durung pas tenan. Jalaran, tembung karo ing ukara iku bisa mengku teges rangkep. Sepisan, tembung karo ing kono bisa ditegesi, “bebarengan Ian uga” Ian ukarané bisa ditegesi “Wening njogèd bebarengan Ian Agung” (kang marahi njogèd wong Iiya). Kaping pindhoné, tembung karo ing ukara iku bisa ditegesi “déning” temah ukara mau nduwèni teges “Wening diwarahi njogèd déning Agung”.

Katrangan iku suka pepéling yèn panganggoné tembung karo ing ukara “Wening diwarahi njoged karo Agung” iku bisa nuwuhaké salah tampa utawa klèru anggone negesi. Amrih ora makéwuhi, ukara iku bisa diowahi manut apa kang dikarepaké, upamané mangkéné:

(1)   Wening diwarahi njogèd déning Agung.

(2)   Wening lan Agung diwarahi njogèd.

(3)   Wening karo Agung diwarahi njogèd.

Kajaba tembung karo mengku teges kaya kang wis dibèbèraké mau, isih ana tembung karo kang mengku teges “nganggo piranti” utawa “srana” iki, upamané “Abu dithuthuk karo garisan”. Sanajan ora luput, panganggoné tembung karo kaya ing ukara iki asipat nggon-nggonan. Amrih bisa ditampa ing akèh, ukara iki beciké diowahi kanthi nglironi utawa ngganti tembung karo, upamané mangkéné:

“Abu dithuthuk nganggo garisan”[1]

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 4–5. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut