Tembung Wod ya iku tembung sakecap utawa sawanda kang wis duwé teges. Tembung wod uga diarani oyoding tembung, amarga tembung wod kalebu struktur tembung kang paling cilik.[1]

Tembung wod punika tèmbung wonten ing Basa Jawi ingkang wujudipun namung sawanda utawi sakècap, nanging sampun ngèmu suraos. Wod punika atègès oyod. Tuladhanipun tèmbung sor, lur, lan sup. Tèmbung sor ngèmu suraos èndhék, lur ngèmu tègès dawa, sup ngèmu tègès mlèbu utawi manjing. Tembung sor manawi angsal wuwuhan punika saged dados asor, ngisor, dlosor (sadaya ngemu tègès èndhék); tèmbung lur manawi angsal wuwuhan saged dados alur, ulur, mulur (sadaya ngemu tègès dawa); tèmbung sup manawi angsal wuwuhan saged dados susup, angslup (sadaya ngemu teges mlèbu/manjing).

Kados sampun kababar ing nginggil bilih tèmbung ”wod” punika dados oyod utawi uwiting tembung lingga. Supados dados tembung lingga, tembung wod kedah dipunrimbag (dipunyasa, dipuntata) kanthi manéka cara ing antawisipun:

  1. Dipunwewahi aksara swanten (vokal) ing sangajengipun, contonipun tembung wod: woh, du, bot, dipunwewahi vokal ”a” dados:
    a + woh = awoh, a + du = adu, a + bot = abot
  2. Dipunwewahi vokal ”e” sawingkingipun, contonipun:
    ki + e = kie malih dados kiye, ku + e = kue malih dados kuwe, ka + e = kae boten malih
  3. Dipunsaroja (dirangkep), kados ing tembung wod: dom, dang, kon.
    dom + dom = domdom, malih dados dondom, dang + dang = dangdang, malih dados dandang
    kon + kon = konkon, lajeng malih dados kongkon
  4. Dipunseseli r, l, n, m, kados ing tembung wod: sup, ser, gung lan sur.
    sup + seselan ”r” = srup, kaulur dados surup, ser + seselan ”l” = sler, kaulur dados seler
    gung + seselan ”n” = gnung, kaulur dados gunung, sur + seselan ”m” = smur, kaulur dados sumur

Tuladhané:

  • lor
  • sur
  • byur
  • plung
  • lsp.

Rujukan besut

  1. [Paramasastra Gagrak Anyar. 1982. Tri Satya Catur Wisnu Sasangka.]
  • Purwadi; Mahmudi; Erna Setijaningrum; Tata Basa Jawa; Media Abadi, Yogyakarta 2005