Tionghoa Padang
Tionghoa Padang utawa China Padang ya iku wong keturunan Tionghoa kang manggon ing Kutha Padang, Sumatra Kulon, Indonésia. Tionghoa Padang iku salah siji saka macem-macem etnis sing manggon ing Padang saliyane wong Minangkabau, Jawa, Batak, Nias, Melayu, Sundha lan Mentawai.[1] Dheweke wis urip paling ora wolung generasi.[3] Akèh-akèhé nyambut gawé dadi pedagang. Padumukane wong Tionghoa Padang dumunung ing tlatah Pondok lan saubengé ing Kacamatan Padang Kidul, kang diarani Kampuang Cino (basa Indonésia: Kampung Cina).[4][5]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
9.498 (Sensus 2010)[1] ±12.000 (2016)[2] | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Kecamatan Padang Selatan | |
Basa | |
Bahasa Minang Pondok | |
Agama | |
Agama tradisional Tionghoa, Kristen, Islam |
Ora ana cathetan sing tepat kapan wong Tionghoa pisanan teka ing Padang. Dikira-kira wong Tionghoa wiwit teka nalika perusahaan dagang Walanda Vereenigde Oostindische Compagnie (VOC) ngadegake markas ing Padang ing abad kaping 17.[6][7] Ing taun 2000, populasi Tionghoa Padang paling gedhé nomer telu sawisé wong Minang lan Jawa kanthi persentase 1,90% saka populasi kutha. Nanging, sawise lindhu ing taun 2009, akeh sing ninggalake Padang lan pindhah menyang njaba wilayah Sumatera Barat.[8]Miturut data Badan Pusat Statistik (BPS) taun 2010, persentase wong Tionghoa Padang tetep 1,1% saka populasi kutha utawa 9.498 jiwa, nomer papat sawise Minang, Jawa lan Batak.[1] Ing taun 2016, populasi Tionghoa ing Padang cacahé watara 12.000 jiwa.[2]
Tionghoa Padang wis adaptasi karo budaya Minangkabau. Sejatine, akeh generasi Tionghoa ing Padang sing ora bisa basa Cina amarga wis asimilasi karo masyarakat Minangkabau. Basa ingkang dipunginakaken menika dipunwastani basa Minang Pondok.[9] Nanging, padha ora ninggalake adat lan tradhisi. Lumantar sosial, budaya, lan matine Paguyuban Tjinta Teman (HTT) lan Persatuan Teman (HBT) sing wis ngadeg wiwit abad 19, anane adat lan tradhisi masyarakat Tionghoa tetep siyaga ing masyarakat Kota Padang nganti saiki.[10][11][12]
Catatan kaki
besutRujukan
besut- ↑ a b c Riniwaty Makmur (2018), kc. 16.
- ↑ a b Rusli & Rois 2020.
- ↑ Rahmat Irfan Denas & 11 Februari 2021.
- ↑ Mardanas Safwan (1987), kc. 15.
- ↑ Riniwaty Makmur, dkk (2018), kc. 135.
- ↑ Freek Colombijn (1994), kc. 55a: "Padang has an old Chinese community and Chinese were among the first permanent inhabitants of Padang, arriving soon after the establishment of the VOC trading post."
- ↑ Christine Dobbin (2016), kc. 135a]: "Almost immediately after the establishment of the Dutch factory at Padang some Chinese must have settled there as agents for Batavian Chinese, possibly moving south from Pariaman. In 1673 there are reports of a Chinese 'Nakoda Banten' living at Padang in his own house, and other Chinese were also settled there performing services for company officials as they did at Batavia."
- ↑ Rahmi Surya Dewi (2018), kc. 28.
- ↑ Riniwaty Makmur, dkk (2018), kc. 138–139.
- ↑ Erniwati (2007), kc. 190: "Kedua perkumpulan ini berperan besar dalam menjaga budaya dan adat istiadat leluhur meskipun untuk saat ini genrasi muda kehilangan maknanya. Namun keberadaan kedua perkumpulan ini juga seakan-akan membagi etnis Cina Padang atas dua kelompok."
- ↑ Riniwaty Makmur (2018), kc. 56.
- ↑ Kompas.com & 5 Februari 2008.
Daftar pustaka
besut
|
|