Trah ya iku sistem krabatan utawa bebrayatan ana ing budaya Jawa[1]. Tembung “trah” iki ora ditemokna ing basa Jawa Kuna, miturut Juynnboll (1923)[2]. Tembung iki ing cara fonètis padha karo “truh” kang tegesé “udan”. Miturut Soewito Santoso, tembung trah iki mungkin turunan sing truh, amarga teges pokok rong tembung iku kaya sawiji saka dhuwur marang isor kaya déné banyu udan. Asal mula sistem trah ing bebrayan sosial wong Jawa iku diwiwiti saka kumpulan wong turunan sing raja-raja Jawa. Dhèwéké ngehubungké awaké dèwé nganggo cara hubungan gènéalogis lan konstruksi wit keluwarga (family tree)[2]. Sabanjuré, sistem trah ditiru karo wong-wong saka lapisan sosial Jawa. Ing Yogyakarta lan Surakarta, trah iku ana jinis-jenisé. Kang pertama trah ningrat, trah iki isiné wong-wong turunan para sultan utawa raja Jawa lan dadi keluwarga kraton uga ana bukti serat kekancingané kanggo ngukuhaké. Keloro, trah priyayi, kumpulan wong turunan pegawé dinas jaman Welanda utawa wong sugih kang dikurmati. Ketelu trah santri, kumpulan wong turunan tokoh-tokoh ulama utawa kyai. Kepapat, trah wong cilik, kumpulan wong kang pini sepuhé iki saka golongan wong biasa[1][2]. Kabéh papat jinis trah mau bisa dideleng saka jeneng leluhuré. Ing jaman modern iki, konsép trah dadi sawiji organisasi sosial wong Jawa kang dumasar saka garis keturunan kang masih dilakoni[1].

Rujukan

besut
  1. a b c Triratnawati, Atik (Oktober 2009). "Gaya Pengelolaan dan Dinamika Trah Jawa". HUMANIORA. Vol. 21 No. 3: 338–349. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)
  2. a b c Sairin, Sjafri (1992). Javanese Trah: Kin-Based Social Organization. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. ISBN 979-420-227-4.