Tropisme ya iku perobahan ing pertumbuhan sel (racaké ing sel tuwuhan) kang nyebabake perobahan organ tuwuhan wutuh anuju utawa ngadohi sumber rangsangan (stimulus).[1] yèn perobahan pertumbuhan anuju arah sumber rangsangan, prosès mau diarani tropisme positif, déné perobahan pertumbuhan kang ngadohi sumber rangsangan diarani tropisme négatif.[1] Sacara etimologis, tropisme saka basa Yunani "tropos" kang ateges "mubeng".[1] saiki wis tinemu warna-warna tropisme dhedhasar sumber stimulus utawa rangsangane.[1]

Arah pertumbuhan taoge anuju cahya kang nudhuhake fototropisme.

Jinis-jinis tropisme besut

Fototropisme Fototropisme ya iku perobahan pertumbuhan tuwuhan kang diprabawani déning rangsangan cahya.[1] Tuladhané fototropisme ya iku pertumbuhan koleoptil rumput anuu arah tekane cahya.[1] Koleoptil minangka godhong wiwitan kang urip saka tuwuhan monokotilkang duwé fungsi minangka pelindung lembaga kang lagi thukul.[1] Hipotesis nyebutake manawa kedadeyan iki disebabake déning kecepatan dawane sel-sel luwih jelas amarga anané penybaran aksin kang ora rata saka pucuking tunas.[1] Hipotesis liyané kandha manawa pucuk tunas minangka fotoreseptor kang micu respons pertumbuhan.[2] Fotoreseptor ya iku molekul pigmen kang karan kriptokrom lan sensitif banget marang cahya biru.[2] Nanging, para ahli yakin manawa fototropisme ora mung diprabawani déning fotoreseptor, nanging uga diprabawani déning warna-warna hormon lan jalur signaling.[2]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g Campbell NA, Reece JB (2004). Biology, 7th Edition. Benjamin Cummings. ISBN 978-0-8053-7146-8.
  2. a b c Craig W. Whippo (2006). "Phototropism: Bending towards Enlightenment" (PDF). The Plant Cell. 18: 1110–1119.