Ukara gothang ya iku ukara sing ora genep, jalaran ora ana jejeré. Manut pranatan, tembung sing dadi jejering ukara iku ora kena diwuwuhi tembung ancer-ancer ing sangarepé. Tembung sing diwuwuhi tembung ing ngarepe kuwi lumrahé mung minangka tembung katrangan kang nuduhaké papan utawa panggonan. Manawa tembung “désaku” ing ukara “ing désaku ngedegaké lumbung paceklik” pancen dikarepaké minangka jejering ukara, mesthiné tembung ancer-ancer ing sing dumunung ing ngarepé tembung mau diilangi.

Panulisé

besut

Manut paugeran, saben ukara iku saora-orané kudu mengku anasir warna loro, ya iku jejer (subjek) lan wasésa (predikat). Tumrap ukara ing basa sing resmi, luwih-luwih ukara mau minangka ukara crita lan adhapur ukara tanduk (aktif), anasir loro iku kudu ana lan kudu diwahyakaké (diwedharaké), ora kena dicelet.

Ukara sing kapacak ing dhuwur iku mengku anasir warna telu, ya iku “ing désaku” katrangan papan, “ngedegaké” wasesa, lan “lumbung paceklik” lésan. Kapirid saka ing isiné, ukara mau kalebu ukara carita. Yèn kapirid saka wasésané, ukara kasebut kalebu ukara tanduk amarga tembung kang dadi wasésaning ukara, ya iku ngedegaké, kalebu éwoning tembung kriya tanduk.

Sanajan wis mengku anasir telu, ukara “ing désaku ngedegaké lumbung paceklik” kena diarani ukara gothang, ukara sing ora genep, jaiaran ora ana jejeré. Tembung désaku ing ukara iku dudu jejer. Ukara ing dhuwur mau bisa didandani, upamane mangkene:

1.  Ukara iku diwuwuhi tembung utawa tetembungan kang bisa dadi jejering ukara.

Conto: Masarakat (wong-wong, bapak-bapak, warga tani) ing désaku ngedegaké lumbung paceklik.

2.  Tembung ancer-ancer ing kang dumunung ing sangarepé tembung désaku diilangi supaya tembung désaku bisa dadi jejering ukara (éntar).

Conto: Désaku ngedegaké lumbung paceklik (ukara entar)[1]

Conto liyane:

Ukara Gothang Jejer Ukara Genep
1. Ing rapat mau ngrembug koprasi.

2. Ing dalan iki, mbingungaké.

3. Ing saben masarakat duwé adat dhéwé-dhéwé.

1a. Ing rapat mau bocah-bocah (wong-wong, ibu-ibu) ngrembug koprasi

1b. Rapat mau ngrembug koprasi

2.   Dalan iki mbingungaké

3.   Saben masarakat duwé adat dhéwé-dhéwé.

Uga delengen

besut

Rujukan

besut
  1. Widati, Sri, dkk (2012). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. kc. 22–23. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jaba

besut