Wayang dongèng
Wayang iku salah siji kesenian ing tlatah Jawa kang wis diakoni déning PBB (UNESCO).[1] Ing Indonesia akèh jinising kesenian wayang, tuladhané ana wayang kulit, wayang golèk, wayang wong lsp..[2]
Ing kutha Semarang, ana salah siji jinising kesenian wayang kang rada béda karo jinis wayang liyané, ya iku wayang dongèng.[butuh sitiran] Ing wayang dongèng, sing ndeleng uga bisa urun swara dadi dhalang.[butuh sitiran] Wayang dongèng luweh ngutamakake interaksi antarané dhalang lan penonton. Saliyané iku uga karo para pengrawit.[butuh sitiran] Lakon ing wayang dongèng akèh ngrembag babagan lingkungan lan sosial. Wayang dongèng, saliyané bisa dadi tontonan uga bisa dai tuntunan.[butuh sitiran] Ora mung kanggo bocah cilik, naging uga para remaja, nom-noman, uga wong tuwa.[butuh sitiran]
Wayang dongèng ing kéné migunakaké paraga awujud kéwan, tuladhané kaya ta macan, kucing, sapi, manuk, ula, kethèk, asu, kancil, wedhus, gajah, lan sapanunggalané. Paraga kéwan ing kono dijenengi miturut jinising kéwan mau.[butuh sitiran] Pagelaran Wayang Dongèng diiringi musik gamelan lan lelagon dolanan bocah.[butuh sitiran] Pentas wayang dongèng ora ana pathokane kaya pagelaran wayang kulit.[butuh sitiran]
Piranti Wayang Dhongeng
besutSajarah
besutMiturut Trontong Sadewa, wayang dongèng iku lair saka pepinginane Mbah Tris.[butuh sitiran] Mbah Tris ya iku salah sijiné seniman ing kutha Semarang kang misuwur dadi dhalang Wayang Kancilé.[butuh sitiran] Wayang Kancil iku wayang kulit kang isiné dongèng bocah cilik.[butuh sitiran] Dongèng kang ngrembug babagan donya kéwan, lan bisa uga carita laladan. Diarani wayang kancil amarga lakon ing caritane ya iku kancil.[3]
Cathetan suku
besut- ↑ wisata melayu[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 22 Fèbruari 2011)
- ↑ jinis macam wayang[pranala mati permanèn] (kaundhuh tanggal 24 Fèbruari 2011)
- ↑ wayang kancil(diakses ing tanggal 22 Fèbruari 2011)
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |