Wayang kampung sebelah

Wayang Kampung Sebelah ya iku wayang kang bentuké kontemporèr utawa kréasi anyar saka bentuk wayang purwa. Wayang kampung sebelah lair ing 10 Juni 2001 lan dikembangaké déning Jlitheng Suparman, Max Baihaqi, Yayat Suheryatna, lan kanca-kanca saka désa Siwal, Baki, Sukaharja. Wayang Kampung Sebelah nyeritakaké babagan crita warga kalangan tengah mangisor ing jaman saiki. Paraga ing cerita kasebut uga fiktif lan duweni sifat manungsa ing jaman saiki.[1] Pagawean pagelaran wayang kampung sebelah adedasar saka kepengenan gawé format pagelaran wayang kang ngangkat saka crita realistis kauripan masarakat kanthi lugas lan bebas.  Isu actual kang dadi sumber inspirasi panyusunan crita wayang kampung sebelah.

Dhalang kang ngembangaké

besut

Dalang Jlitheng Suparman duwèni jeneng asli Suparman. Dhéwéké duwèni parapan Jlitheng amarga kulité ireng . Parapan kasebut pungkasan didadékaké jeneng kang popular ing wayah dalang kasebut péntas. Jlitheng lair ing Surakarta tanggal 1 Desember  1966. Pendhidhikan kang pungkasan ing Sastra Jawa, Fakultas Sastra, Universitas Sebelas Maret Surakarta. Dadi sarjana Sastra Jawa, Jlitheng duwéni idealisme kang mulia, yaiku ngembangaké wayang kang bisa disenengi marang para warga, utamané generasi enom. Jlitheng seneng donya pewayangan saka SD. Jlitheng kerep melu mbah Guno Sudaryo lan pak liké Sukino Guno Wijoyo nalika kaloron dalang purwa kasebut lagi pentas. Kerepe Jlitheng melu simbah lan pak like, mula tuwuh tersna ing donya pawayangan. Banjur Jlitheng digladen lan sinau babagan wayang saka pak lik lan simbahé. Nalika kelas 5 SD, Jlitheng wis wani mentasaké pagelaran wayang kulit.

Saka bimbingan pak lik lan simbahé, saya suwé pagelaran Jlitheng dadi saya apik lan disenengi marang para warga. Jlitheng ngandharake menawa kagunan wayang kulit akeh lan dadi media kang menehi pencerahan. Saka wayang, penonton bisa nuwuhake rasa kaalusan lan empati karo wong liya. Pikiran kang jernih lan bisa mahami kulturalisme keindonésiaan. Sarta bisa menehi keatentreman jiwa saka pesen filsafat kang kaandut ing pagelaran wayang. Jlitheng uga ngandharake menawa pagelaran wayang purwa saiki prihatinké amarga among kalangan sepuh kang isih tresnani wayang purwa. Bab kasebut bisa kedadéan amarga ènèngé teknologi kang saya maju kang lumebu ing Indonesia, mula kudu ana koordinasi saka kabèh bidang supaya bisa nuwuhaké tresna bocah cilik marang budaya asli Indonésia.[2]

Paraga

besut

- Roma ra mari

- Inul darah tinggi

- Pak karta becak

- Bakul jamu

- Pak RT

- Pak Lurah

- Silvy si Pelacur

- Kampret si Preman Pemabuk

- Hansip Sondrun

- Pemuda Alay lan sapituruté.

Unsur wayang

besut

Wayang ing Wayang Kampung Sebelah kagawe saka kulit bentuké manungsa kang distilasi. Iringan ora nganggo gamelan komplit, ananging nggunakake iringan music cobo band kang kadapuk saka gitar listrik, bas, flue, saksophone lan perkusi. Tembang kang digawakake biasane gawean saka musisi wayang kampung sebelah kang arupa dangdut lan campursari. Kadingkala wayang kampumg sebelah uga ngundang pelawak popular kanggo ngregengake acara lan narik kawigatèn masarakat.

Ora ana batesan kanggo dalang, pemusik, lan penonton. Pemusik lan penonton diolehake kanggo nyauri apa wae kang diomongaké marang paraga wayang kampung sebelah. Saka sauran penonton lan pemusik gawé swasana tambah regeng. Mula saka kui wayang kampung sebelah ora merlukaké panggung kang gedhe tur jembar. Panggung cilik lan debog siji kanggo nancepake wayang kuwi wis cukup lan bisa nganakaké pagelaran wayang kampung sebelah.

Crita kang diangkat

besut

Jlitheng Suparman ngandaraké menawa ing ciptakaké wayang kampung sebelah iki adedasar saka gegayuhan gawe format pagelaran wayang kang bisa dadi sarana ngangkat crita kauripan nyata masarakat manengah mangisor ing jaman saiki. Basa kang digunakaké nganggo basa padinan kaya ta basa jawa ngoko, krama madya lan basa Indonésia mula pesen kang diwenehaké bisa dimangerti marang para warga. Babagan politik, social, budaya, ekonomi lan sapiturute dadi sumber ide crita wayang kampung sebelah. Arepa crita kang diangkat saka masalah krusial bangsa Indonésia, ananging Jlitheng Suparman kerep gawé crita kathi gaya kang ndagel lan akeh ing guyonan, kadang uga sinis lan satire.

Gunungan lan panggung pagelaran

besut

Gunungan ing Wayang Kampung Sebelah beda karo gunungan ing wayang purwa. Gunungan ing wayang kapung sebelah digamabaraké wit ringin ing saben cabangé ana gamabar paraga-paraga wayang kampung sebelah lan ing sisih ngisor wit ringin digambarake omah. Ing pucuk gunungan kagambaraké manuk merak.

Penggung wayang kampung sebelah luwih sederhana tinimbang panggung wayang purwa. Wayang kampung sebelah among butuhaké debog siji kanggo nancepaké wayang. Uga menawa ora ana bléncong, mula bisa nganggo lampu listrik kang dadi gantiné.

Durasi pagelaran

besut

Wayang Kampung Sebelah duwèni durasi suwéné 3 jam ing saben pagelaran wayang kampung sebelah, ananging ing acara tartamtu bisa uga pagelaran nyuda durasi dadi 1 jam pagelaran. Ing pagelaran kasebur, Jlitheng Suparman duwèni peran dobel, yaiku dadi wong kang gawé naskah lan dadi dalang ing pagelaran kasebut. Yayat Suheryatna lan Max Baihaqi kang nata musik, 1 sinden kang dandan sederharna lan pemain musik.

Rujukan

besut
  1. Akbar, Taufiq (Januari 2014). "WAYANG KULIT GLOWIN THE DARK". WAYANG KULIT GLOWIN THE DARK. Volume 02, No 02: 16–116. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung)
  2. Nugraheni Eko Wardani, Endang Widiyastuti (2013). JENIS-JENIS TEATER WAYANG DI SURAKARTA. UNS Press. ISBN 978-979-498-782-7.