Wijaya Herlambang

Wijaya Herlambang ya iku peneliti, sejarawan.[1][2]

Wijaya Herlambang
Pati4 Dhésèmber 2015
PakaryanPeneliti, sejarawan

Dhèwèké séda ing 4 Dhésèmber 2015 amarga kanker limpa.[1]

Herlambang ya iku salah sijining peneliti kang konsisten mbukak klambu prastawa 1965.[3] Ana ing bukune Kekerasan Budaya Pasca 1965 (Marjin Kiri, 2013), dhèwèké ndelok wigati kanggone nilik manèh sudut pandang ngenani prastawa 1965.[1] Sudut pandang kang ora ming ndelok piyé masarakat mbiji sapa sing bener lan salah, ning uga apa akibat kang ngenani pandangan masarakat ngenani prastawa sawisé G30S, ya iku prastawa kang nggondhol atusan nganti jutaan nyawa dadi prekara kang lumrah malah kudu kedaden.[1] Fokus penelitiane ngenani studi kekerasan budaya lelandhesan téyori kekerasan Johan Galtung.[1] Dhèwèké nemu rong faktor kenangapa masarakat Indonesia ngekeki legitimasi lan normalisasi tindak keras marang simpatisan PKI lan ngelekake kuminisme semana kuwate lan ngoyot jero.[1][2]

Dhèwèké mbukak wacana ngenani kampanye Soeharto lan Orde Baru kang diumbar ing masarakat sasuwéné puluhan taun yèn PKI ya iku pihak kang ana ing walike G30S lan sing matèni jendral.[3] Dhèwèké mbukak kasadharan luwih akèh wong kang pentinge ndelok lan ngelingi yèn jutaan kurban kang dipateni Soeharto ya iku rakyat kang urung mesthi anggota utawa simpatisan PKI.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f Miftahuddin, Ilham (30 Juli 2016). "Wijaya Herlambang: Menggugat Ingatan Kolektif terhadap Tragedi 1965". buruan.co. Dibukak ing 24 August 2016.
  2. a b SP, Ranang Aji (2 October 2015). "Wijaya Herlambang: G/30/S/PKI dan teror dalam kabudayan". koranopini.com. Diarsip saka sing asli ing 5 May 2016. Dibukak ing 24 August 2016.
  3. a b c Muchtar, Ubaidilah (5 December 2015). "RIP Wijaya Herlambang: Membongkar Dusta Agen Kebudayaan". tikusmerah.com. Diarsip saka sing asli ing 25 April 2016. Dibukak ing 24 August 2016.

Pranala njaba

besut