Suku Nias yaiku kalompok masarakat kang urip ing pulo Nias.[1] Ing basa asliné, wong Nias diarani "Ono Niha" (Ono = anak/katurunan; Niha = manungsa) lan pulo Nias kanthi jeneng "Tanö Niha" (Tanö = tanah).[1]

Jogèd perang Nias

Suku Nias iku masarakat kang urip ing lingkungan adat lan kabudayan kang isih dhuwur.[1] Hukum adat Nias diarani fondrakö.[1] Hukum iki kang ngatur kabèh segi kauripan wiwit saka lair nganti mati.[1] Masarakat Nias kuna urip ing budaya megalitik iki dibuktekake karo tilas sajarah kang wujud ukiran ing watu-watu gedhé kang isih tinemu ing laladan pedalaman pulo iki nganti saiki.[1] Suku Nias duwé sistem kasta(12 tataran Kasta).[1] Tingkatan kasta kang paling dhuwur yaiku Balugu.[1] Kanggo nampa kasta iki wong kudu bisa nggawé pista gedhé lan ngundang éwonan wong lan nyembelih éwonan babi kanthi wektu pirang-pirang dina.[1]

Mitologi

besut

Miturutt masarakat Nias, salah sijiné mitos asal usul suku Nias asalé saka wit kauripan yaiku Sigaru Tora`a kang manggon ing salah sijiné pasnggonan kang jenengé Tetehöli Ana'a.[1] Miturut mitos iki, manungsa teka kang sepisanan ing Pulo Nias iku nalika jaman Raja Sirao kang nduwé anak cacahé sanga kang dikongkon metu saka Tetehöli Ana'a amarga rebutan Takhta Sirao.[1] Anak-anaké kang cacahé sanga iki dadi wong kang sepisanan kang manggon ing Pulo Nias.[1] Jogèd kanggo simbul ngluhuraké penganten lanang lan kluwargané diarani Jogèd Maena.[1] Jogèd maena lumrahé dilakoni penari lanang lan wadon kanthi pasang-pasangan.[1] Bolanafo iku kerajinan tangan wong wadon Nias kang dadi simbul penghormatan lan kebersamaan suku Nias.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h i j k l m n muséum.pusaka-nias.org[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
  2. id.voi.co.id Archived 2011-02-20 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)