Wong tuwa (Basa Krama: Tiyang Sepuh; Basa Indonesia: Orang Tua; Basa Inggris: Parents) yaiku kang ngopéni katurunan ing salah siji spésiès. Ing manungsa, wong tuwa yaiku kang ngurus anak ("anak" ngrujuk marang keturunan, durung peh warsa/usia). Wong tuwa biologis yaiku wong kang ngasilaké anak (sel mani wong lanang kang ketemu sel endhog saka wong wadon). Wong tuwa yaiku dulur tingkat kapisan lan nduwéni 50% génétik kang padha karo anak. Wong wadon uga bisa dadi wong tuwa lantaran sewa rahim. Sawenèh wong tuwa ana kang dadi wong tuwa angkat, yaiku kang ngopeni lan nggedheké anak, sanadyan ora duwé sesambetan biologis karo anak kasebut. Bocah lola (kang ora duwé wong tuwa) bisa didadekné anak angkat kaliyan simbah utawa karo anggota kulawarga liyané.

Wong tuwa uga bisa duwé teges minangka leluhur kang bisa busak sagenerasi. Kanthi kemajuan élmu mèdis ing zaman saiki, sawijining anak bisa duwé luwih saka loro wong tuwa biologis.[1][2][3] Tuladha wong tuwa biologis ketelu yaiku sewa rahim utawa wong katelu kang bisa mènèhi sampel DNA nalika proses reproduksi lan bisa ngowahi materi genetik panampa.[4]

Jinising wong tuwa kang umum yaiku ibu, bapak, wong tuwa angkat, lan simbah. Dhéfinisi ibu yaiku, “wong wadon kang duwé sesambetan karo anak utawa anak-anak kang wis dilairaké.”[5] Saben-saben budaya duwé cara kang beda-beda kanggo ngatur kepriyé wong tuwa supaya anaké bisa urun ing masarakat sosial. Menawa wong tuwa kurang preduli marang anak bisa njalari anak dadi cilaka,[6] nanging menawa wong tuwa kakéan nyampuri urusané anak bisa diarani over-protektif, lan malah bisa ganggu uripé anak.[7]

Rujukan

besut
  1. "UK government backs three-person IVF". Dibukak ing 30 June 2013.
  2. Nadine Taub; Beth Anne Wolfson; Carla M. Palumbo. The Law of Sex Discrimination. kc. 374.
  3. Browne C. Lewis (2012). Papa's Baby: Paternity and Artificial Insemination. kc. 136.
  4. Louise I. Gerdes (2009). Reproductive Technologies. kc. 25.
  5. "mother definition". www.oxforddictionaries.com. Oxford Dictionaries. Diarsip saka sing asli ing 2012-10-10. Dibukak ing 2018-01-24.
  6. Marian S Harris (2014). Racial Disproportionality in Child Welfare. kc. 2.
  7. Bernard Roberts (2005). Evidence in the Psychological Therapies: A Critical Guidance for Practitioners. kc. 149.