Wong wadon Samaria ing sumur Yakub

Wong wadon Samaria ing sumur Yakub yaiku figur saka Injil Yohanes, ing Yohanes 4:4–26. Ing tradisi Greja Ortodoks Wetan, ia dianggep minangka wong suci, sing dijenengi Photine utawa Photini/Photina (saka tembung φως sing artine "padhang").

Amanat Banyu Urip antarane Yesus lan Wong Wadon Samaria ing Sumur dening Angelika Kauffmann, abad kaping 17–18
Photine, wadon Samaria, tekani Yesus (ikon Wetan)

Cathetan Alkitab

besut

Miturut Yohanes 4:4-26:

Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria. Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf. Ing kono ana sumure Rama Yakub. Gusti Yesus sarehne kraos sayah saka anggone tindak, banjur lenggah ana pinggiring sumur kono. Nalika samana kira-kira wayah jam rolas.

Tumuli ana wong wadon Samaria teka arep ngangsu. Gusti Yesus ngandika marang wong mau: “Aku wenehana ngombe!” Awit para sakabate lagi padha menyang kutha tuku pangan. Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengane tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.) Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Manawa kowe sumurup ing peparinge Allah, lan sapa wonge kang tutur ing kowe: Aku wenehana ngombe, mesthi kowe kang njaluk marang wong iku, tumuli kowe diwenehi banyu urip.” Unjuke wong wadon mau: “Bendara, Panjenengan boten kagungan timba, mangka sumuripun lebet, dados saking pundi anggen Panjenengan angsal toya gesang punika? Panjenengan mesthi boten nglangkungi leluhur kula Yakub ingkang maringaken sumur punika dhateng bangsa kula. Dene panjenenganipun ugi ngunjuk saking sumur punika, samanten ugi para putra lan kewanipun.” Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Sapa wong kang ngombe banyu iki bakal ngelak maneh, nanging sing sapa ngombe banyu pawewehKu, bakal ora ngelak ing salawas-lawase. Malah banyu pawewehKu mau ana ing jerone wong iku bakal dadi sumber, kang mancur terus tumeka ing urip, langgeng.” Unjuke wong wadon mau: “Bendara, kula Panjenengan paringi toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta boten sisah ngangsu mriki malih!”

Pangandikane Gusti Yesus: “Lungaa, undangen bojomu, tumuli balia mrene!” Unjuke wong wadon: “Kula boten gadhah semah.” Pangandikane Gusti Yesus: “Bener kandhamu, yen kowe ora duwe bojo iku. Sabab anggonmu bebojoan wus ambal kaping lima, mangka kang saiki iku dudu bojomu. Pancen bener ujarmu kang mangkono iku.” Unjuke wong wadon: “Gusti, sapunika tumrap kawula sampun cetha, bilih Paduka punika nabi. Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.” Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem. Kowe iku padha sujud marang kang ora padha kokweruhi. Aku iki padha sujud marang kang padha Dakweruhi. Awit mungguh wijiling karahayon iku saka bangsa Yahudi. Nanging bakal tumeka ing wektune, malah saiki wus tumeka ing wektune para wong sujud kang sajati iku anggone padha sujud marang Sang Rama sajroning Roh lan kayekten, awit wong sujud kang kaya mangkono iku kang dikarsakake dening Sang Rama. Gusti Allah iku Roh, mulane kang padha sujud marang Gusti Allah, anggone sujud iku kudu ing sajroning roh lan kayekten.” Unjuke wong wadon: “Kawula sumerep bilih Sang Mesih badhe rawuh, ingkang ugi kasebat Sang Kristus; punika sarawuhipun badhe nyumerepaken samukawis dhateng kawula sadaya.” Pangandikane Gusti Yesus: “Iya Aku iki Panjenengane kang lagi ngandikan karo kowe iki.”

Referensi

besut

Cathetan

besut

Kutipan

besut

Sumber

besut

Wacaan tambahan

besut