Syair Siti Zubaidah Perang Cina

Syair Siti Zubaidah Perang Cina utawi Syair Siti Zubaidah inggih punika salah satunggalipun syair Melayu abad kaping 19 ingkang dipunserat déning tiyang ingkang boten dipunmangertosi namanipun. Syair punika nyariyosaken satunggaling tiyang èstri ingkang nyamar dados tiyang jaler lan saged ngawonaken nagari Tiongkok kanggé nylametaken garwanipun. Sapérangan winasis gadhah panyaruwe bilih syair punika dhedhasar prastawa-prastawa sajarah.

Alur cariyos besut

Sasampunipun taunan anggènipun ngupaya, Sultan Darman Syah saking Kembayat Nagara lan garwanipun akhiripun gadhah satunggal lare, ingkang dipunparingi nama Zainal Abidin. Kekalihipun ndidik larenipun supados dados tiyang Muslim ingkang saleh, lan nalika umur enem taun, Zainal Abidin dipundhawuhi kanggé sinau Al-Quran lan sinau seni bela dhiri.

Ing papan panggènan sanès ing karajan kasebat, sasampunipun wonten ontran-ontran ing peken ingkang njalari prastawa eksekusi pedhagang Tiongkok, salajengingipun sedaya ètnis Tionghoa ngungsi saking karajan kasebat wangsul dhateng nagari Tiongkok. Awit sebab punika andadosaken Permaisuri Tiongkok duka, lan paring parentah dhumateng pitu putrinipun supados nyiapaken dhiri kanggé perang mengsah Kembayat Nagara.

Ing satunggaling wekdal Zainal Abidin ngimpi kepanggih kaliyan kenya ayu. Zainal Abidin ingkang sampun diwasa lajeng tindakan saking Kembayat Nagara kanggé madosi kenya ayu ingkang wonten wonten ing impenipun wau. Sasampunipun dugi ing satunggaling pulo, Zainal mireng swanten saé lan éndah tiyang ingkang maos Al-Quran. Panjenenganipun madosi asalipun swanten kalawau, lan akhiripun mangertosi bilih swanten kalawau swantenipun Siti Zubaidah, putrinipun pamimpin agami pulau kasebat lan ugi tilas raja. Zainal Abidin palakrami kaliyan Siti Zubaidah. Wonten satengahing margi nalika badhé wangsul tumuju Kembayat Nagara, Zainal Abidin kaliyan garwanipun mbiyantu Raja Yaman kanggé ngusir serangan mengsah, lan Zainal dipunparingi bebingah wujud Putri Sajarah, lajeng palakrami. Zainal kaliyan kalih garwanipun lajeng nerasaken lampah wangsul tumuju Kembayat Nagara. Salajengipun, nalika tamtama Tiongkok nyerang kembayat Nagara, Zainal Abidin lan Sajarah dipuncepeng déning tamtama Tiongkok. Nanging Siti Zubaidah ingkang saweg ngandhut saged mlajar dhateng wana. Salajengipun Zubaidah nglairaken lare lan nilar larenipun ing wana, lajeng Siti Zubaidah nglajengaken lampah, lare kasebat lajeng dipunrumat déning kakangipun Siti Zubaidah. Siti Zubaidah nggabung sesarengan kaliyan Putri Rukiah saking Yunan, ingkang dipunasingaken saking karajanipun déning para penjajah. Kekalihipun sinau ngèlmu bela dhiri, nyamar dados tiyang jaler, lan saged ngrebat Yunan malih, Rukiah sarujuk kanggé mbiyantu Siti Zubaidah wonten ing perang mengsah Tiongkok. Kanthi kakiyatan Negeri Yunan lan nagari tetanggi (sekutonan), Siti Zubaidah -ingkah taksih nyamar dados tiyang jaler- saged nelukaken nagari Tiongkok. Zainal Abidin lan Siti Sajarah dipunbebasaken. Ewasemanten Permaisuri Tiongkok dipuncepeng lan putra-putrinipun dipunpeksa mlebet agama Islam.

Naskah besut

Miturut sajarawan sastra Melayu-Tionghoa Liaw Yock Fang, naskah paling kawitan Syair Siti Zubaidah asalipun awit saking taun 1840 (1256 Ijrah). Manuskrip kanthi nomer MS 37083 kasebat dipunsimpen ing pabukon SOAS ing Kitha London, Inggris. Wonten sapérangan manuskrip ingkang taksih wonten. Nanging, syair punika kalasemanten sampun misuwur ing wujud cithakan, mliginipun ing Singapura, Bombay (sapunika Mumbay), lan Kairo.