Èlmuwan ya iku sawijining manungsa kang mèlu ing kagiyatan sistematis kanggo olèh èlmu pengetauan kang jarwakaké lan mrèdhiksi alam donya. Manawa dijarwakaké ing cara kang luiwh kewates, èlmuwan bisa tegesé sawiji wong kang gunakaké mètodhe èlmiah.[1] Uwong iku mungkin waé sawiji pralébda ing siji laladaning èlmu utawa luwih.[2] Kaca iki nyungku marang watesing gunané tembung iki. Èlmuwan ngayahi panelitian bab pengertèné manungsa marang alam iki kang luwih komprehènsif, kalebu babagan fisik, matematis, lan sosial.

Filsafat ya iku kagiyatan kang khas kang lumrahé ora dianggep èlmu penegtauan. Filsuf duwé tujuan kanggo nyedhiani pangertènan kang komprehènsifé aspèk-aspèk kang ora ketok bab kasunyatan lan pengalaman kang ora bisa diukur kanthi fisik. Èwadéné mangkono, èlmu pangetauan modhèren uwis owah saka Natural Philosophies (Greek, Philosophiae), istilah kang mbiyèné jarwakaké studi-studi èlmiah mau marang alam donya, bedha karo Metafisikal, Moral, etc., utawa babagan studi saka abad tengah-tengahan liyané (e.g. Professional doctorate).

Rujukan

besut
  1. Isaac Newton (1687, 1713, 1726). "[4] Rules for the study of natural philosophy", Philosophiae Naturalis Principia Mathematica, Third edition.
  2. Oxford English Dictionary, 2nd ed. 1989