Èlmu saged ateges prosès ngangsalaken pengetauan, utawi pengetauan kaorganisasi ingkang dipunupados mawi prosès wau. Prosès kaèlmuan inggih punika cara ngangsalaken pengetauan kanthi sistematis prakawis satunggaling sistem. Asil sistematis punika limrahipun wujud metode ilmiah, lan sistem kasebat limrahipun inggih punika alam semesta. Ing pangertosan punika èlmu asring sinebut sains.

Nanging, èlmu saged ugi tegesipun bènten kaliyan pengertosan sains. Ing masarakat Indonésia, asring kapireng istilah "èlmu ireng", inggih punika èlmu ingkang gadhah konotasi awon, umpaminipun gadhah makna èlmu ingkang muncul saking kekiyatan gaib kanthi tujuan kanggé tumindak ala.

Èlmu saged kagolongaken miturut cara punika

Kedah dipuncathet bilih pamisahan punika dhedhasar konsép filsafat Nagari Kilèn. Teologi, pérangan sanès saking pengetauan manungsa, boten kaanggep ilmiah saéngga kapisahaken.

Èlmu pasti nyinaoni alam, matematika, lan teknologi, manawi èlmu sosial nyinaoni prilaku manungsa lan masarakat.

Téyori "ilmiah" gadhah sipat objektif – saged kabuktèaken kanthi empiris – lan "prediktif" – nginten asil empiris ingkang saged dipunpriksa, lan temtu kémawon saged ugi kosokbalèn.

Sapérangan panemon kaèlmuan saged counter-intuitive sanget. Téyori atom umpaminipun, nedahaken bilih prongkalan granit ingkang katingal awrat, atos, lan padhet nyatanipun wujud kombinasi subatomik kathah partikel ingkang satunggal kémawon boten gadhah sipat-sipat kasebat, ingkang éwah rikat sanget ing satunggaling ruang ingkang méh kosong.

Pemodhélan, téyori, lan hukum ilmiah

besut

Artikel utama: metode ilmiah

Istilah "modhél", "hipotesis", "téyori", lan "hukum" ngandhet artos ingkang bènten ing kaèlmuan saking pamahaman umum. Para ilmuwan ngginakaken istilah model kanggé njelasaken satunggaling prekawis, kanthi mirunggan ingkang saged kaginaaken kanggé ndamel kintenan ingkang saged kauji déning pacobèn/ékspérimèn utawi pangamatan. Setunggaling hipotesis inggih punika kintenan-kintenan ingkang dèrèng kadhukung utawi kabuktèaken déning parcobèn, lan Hukum fisika utawi hukum alam inggih punika géneralisasi ilmiah dhedhasar pangamatan empiris.

Filsafat ngèlmu

besut

Artikel utami: Filsafat ngèlmu

Kaèfèktifan èlmu sampun ndadosaken subyék kanggé kathah spékulasi filsafat. Filsafat èlmu kamaksudaken kanggé mahami watak lan paleresan pengetauan ilmiah, sarta implikasi ètikipun.

Matématika lan métode ilmiah

besut

Matématika wigati sanget kanggé kaèlmuan, mliginipun peran matématika ngèksprèsiaken modhél ilmiah. Ngamati lan ngempalaken asil-asil pangukuran, kados ndamel hipotésis lan kintenan, mesthi mbetahaken modhél lan èksploitasi matématis. Cabang matématika ingkang asring kaginaaken ing kaèlmuan antawisipun kalkulus lan statistika, éwadéné saleresipun sadaya cabang matématika gadhah panerapanipun, "bahkan" babagan "murni" kados téyori bilangan lan topologi.

Sapérangan pamikir mastani matematikawan punika ilmuwan, kanthi anggepan bilih pambuktèn-pambuktèn matématis sami kaliyan pacobèn. Sabagéyan sanèsipun boten nganggep matématika punika èlmu, amargi boten mbetahaken uji-uji ékspérimental ing téyori lan hipotesisipun. Nanging, ing wingking kalih anggepan punika kasunyatan pentingipun matématika dados piranti ingkang migunani sanget kanggé nggambaraken/njelasaken alam semesta sampun dados isu utami kanggé filsafat matématika.

Pirsani Eugene Wigner, The Unreasonable Effectiveness of Mathematics.

Richard Feynman ngendikaaken, "Matématika punika boten nyata, nanging krasa nyata. Ing pundi papanipun?", éwadéné Bertrand Russell remen sanget ndhéfinisèaken matématika punika "subyék ingkang boten naté kita mangertos punapa ingkang saweg kita dhiskusèkaken, lan kita boten mangertos ugi kaleresanipun."

Babagan-babagan kaèlmuan

besut

Èlmu alam

besut

Èlmu sosial

besut

Èlmu terapan

besut

Téma ingkang gadhah sesambetan

besut

Ugi pirsani

besut

Pranala njawi

besut
Wikiquote kagungan koléksi kutipan ingkang wonten kaitanipun kaliyan:

Sumberdaya

besut