Analisis varians

(Kaelih saka ANOVA)

Analisis varians (analysis of variance, ANOVA) iku sawijining métodhe analisis statistika kang kalebu sajeroning cabang statistika inferènsial. Sajeroning literatur Indonésia métodhe iki dikenal kanthi manéka jeneng liya, kaya ta analisis rupa, sidik rupa, lan analisis variansi. Analisis iki minangka pangembangan saka masalah Behrens-Fisher, saéngga uji-F uga dianggo sajeroning panjupukan kaputusan. Analisis varians pisanan kawanuhaké déning Sir Ronald Fisher, bapak statistika modhèren. Sajeroning praktèk, analisis varians bisa wujud uji hipotesis (luwih kerep dianggo) utawa pandugan (estimation, mligi ing babagan génétika terapan).

Lumrahé, analisis varians nguji rong varians (utawa rupa) dhedhasar hipotesis nol yèn kaloro varians iku padha. Varians pisanan ya iku varians antarconto (among samples) lan varians kaloro ya iku varians sajeroning saben conto (within samples). Kanthi idé iki, analisis varians kanthi loro conto bakal mènèhi asil kang padha karo uji-t kanggo loro waratan (basa Indonésia: rerata (basa Inggris: mean).

Supaya sahih (valid) sajeroning nafsiraké asilé, analisis varians nggantungaké marang papat asumsi kang kudu dikebaki sajeroning perancangan pacoban:

  1. Data mawa dhistribusi normal, amarga pangujian migunakaké uji F-Snedecor
  2. Varians utawa ragamé homogen, dikenal minangka homoskedastisitas, amarga mung dianggo siji panduga (estimate) kanggo varians sajeroning conto
  3. Saben conto silih bébas, kang kudu bisa diatur kanthi perancangan pacoban kang bener
  4. Komponèn-komponèn sajeroning modhèlé asipat aditif (silih njumlah).

Analisis varians relatif gampang dimodhifikasi lan bisa dikembangaké kanggo manéka wangun pacoban kang luwih rumit. Saliyané iku, analisis iki uga isih duwé gandhèngan karo analisis régrèsi. Akibaté, panggunaané jembar banget ing manéka babagan, wiwit saka èksperimèn laboratorium nganti èksperimèn periklanan, psikologi, lan kamasyarakatan.