Sasuwene urip, manungsa duwé sebutan kang béda-béda.[1] Sebutan iku miturut umur lan fase perkembangan kang nembé dilakoni.[1] Miturut Sugiyanto lan Sudjarwo (1991), garis besar perkembangan manungsa ana limang fase, ya iku:

  1. Fase Prenatal (sadurungé lair).[1]
  2. Fase Infant (bayi).[1] Ya iku fase perkembangan wiwit lair nganti umur 1-2 taun. Wiwit lair nganti 4 minggu kasebat fase klairan utawa neonatal.[1]
  3. Fase Childhood (anak-anak).[1] ya iku fase perkembangan wiwit ummur 1 utawa 2 taun nganti umur 10 utawa 12 taun. Fase Childhood dhéwé diperang dadi loro.[2] ya iku Fase early Childhood (bocah cilik), udakara 1-6 taun lan Fase later Childhood (bocah gedhé), udakara 6-12 taun.[2]
  4. Fase Adolescence (Remaja Awal).[1]
  5. Fase Adulthhood (Dewasa).[1]
Anak Usia Dini

Anak Usia Dini miturut Beeker dikelompokake ing anak umur 3-6 taun, kang padatan mèlu program pendidikan dini utawa kindergarten.[2] Ing wayah iku, Soemiarti (2003) nyebut fase Anak Prasekolah.[3]. Ing Indonesia racaké pada mèlu program Tempat Penitipan Anak/ Panggonan Nitipake Anak (3 wulan-5 taun), Kelompok Bermain/Kelompok Dolanan (umur 3 taun), lan Taman Kanak-Kanak (TK) ing umur 4-6 taun.[3]

Titikané Tahap Perkembangan Anak Usia Dini

besut
  1. Perkembangan Jasmani.[4] Ing umur 3 taun, anak wis bisa lumaku mundur, lumaku njinjit, lan lumayu. Bisa nggambar wujud-béntuk prasaja, kaya ta lingkaran, segi-3, segi-4.[4]
  2. Perkembangan Kognitif.[4] Diwujudake kanthi pertumbuhan kemampuan ngrancang, ngeling-eling, lan nggoleki jawaban masalah kang diadhepi.[4]
  3. Perkembangan Basa.[4] Anak Usia Dini bisa ngembangaké keterampilan micara kanthi pacelathon lucu, kang bisa nggawé wong liya kesengsem, carané kanthi takon, pacelathon, lan nyanyi.[4]
  4. Perkembangan Emosi lan Sosial, ya iku anané adhaptasi ing lingkungan kulawarga, sekolah, lan kanca dolan.[4]

Titikané Anak Usia Dini Miturut Snowman

besut
  1. Ciri Fisik. Anak Usia Dini iku banget aktif, seneng playon, menek, mlumpat, kabèh kagiyatan kang dilakokake dhéwé.[5] Amarga aktife iku, anak mbutuhake istirahat kang cukup, nanging prakara iki akèh disepelekakae, mula anak kudu duwé jadwal aktivitas kang stabil.[5] Otot-otot gedhé lan kontrol marang motorik alus kaya driji tangan, durung tumuwuh kanthi sampurna, mula durung bisa nglakokaké kagiyatan rumit, kaya naleni sepatu.[5] Anak uga kangelan nggatekake obyek-obyek kang cilik ukurane, amarga koordinasi tangan lan mripate durung sampurna.[5] Awak lan otot wis lentur nanging tengkorak sirah isih lunak, mula yèn padha gelut karo kancane kudu énggal dipisah.[5]
  2. Ciri Kognitif. Anak Usia Dini wis terampil micara, luwih-luwih ing sakelompoke.[5] Ing wayah mangkene luwih becik anak diwènèhi kesempatan micara, uga dilatih dadi pangrungu kang apik.[5] Potensi Kognitif dikembangake kanthi interaksi, minat, kesempatan, lan sih-tresna.[5] Ainswort lan Wittig (1973) kang dikutip Padmonegoro (2000) mratelakake tatacara ngembangaké potensi anak supaya bisa optimal, ya iku kanthi interaksi kang asring lan variasi.[5] tuduhake minat marang apa kang digawé lan dicritakake anak.[5] Wenehana kasempatan marang anak kanggo neliti lan éntuk pengalaman akèh.[5] Wenehana kesempatan supaya anak mandiri.[5] temtokake wates perilaku anak.[5]
  3. Ciri Sosial. Ing Tahapan Anak Usia Dini, padatan anak wis duwé 1-2 kanca raket, nanging rikat anggoné gonta-ganti.[5] kelompok dolanane isih kapetung kelompok cilik.[5] Dolanane isih variasi, miturut kanca kelompok.[5]
  4. Ciri Emosional. Anak Usia Dini ngandharake èksprèsi emosine kanthi tinarbuka lan bébas.[5] asring rebutan karo kancane, rebutan jajan, dolanan, uga rebutan perhatian guru.[5]

Tahap Prosès Perkembangan Keterampilan Motorik anak Usia Dini

besut
  1. Tahap Verbal Kognitif.[6] Ya iku tahap awal ing sinau obah.[6] Disebut Verbal Kognitif amarga perkembangan kang luwih katon ing anak, ya iku anak mangerteni obahan kang disinaoni, nanging durung bisa nglakokaké obahan iku kanthi apik, amarga isih taraf coba-coba obahan.[6] Anak sinau gerak saka informasi kang diwènèhake marang dhèwèké.[6] informasi utawa kawruh iku bisa awujud verbal lan visual.[6] kawruh verbal ya iku kawruh kang awujud tetembungan.[6] ing babagan iki, pangrungon kang aktif.[6] Déné Kawruh Visual awujud gambar uatawa obahan, kang aktif mripate.[6]
  2. Tahap Asosiatif.[6] Uga karan tahap tengah.[6] Katitik yèn anak bisa nglakokaké obahan lancer kang tumata kanthi runtut.[6] Sansaya dibaleni, sansaya lancar.[6]
  3. Tahap Otomasi.[6] Disebut tahap akir.[6] Anak wis bias nglakokaké obahan runtut kanthi otomatis.[6]

Aktivitas kang diperlokake Anak Usia Dini

besut
  1. Aktivitas Fisik kang cukup lan obahan kang migunakaké otot gedhé (suku, lengen), kaya ta: playon, penekan, gandhulan, guling-guling ing matras, lan mbrangkang.[7]
  2. Dolanan cilikan kang ora angèl, kaya ta dhelikan, jogedan, lan nembang.[7]
  3. Nirokake obahan, dolanan bal, nuthuk-nuthuk, nirokake lakuné kéwan (jaran, kodhok, kelinci.[7]
  4. Latihan kerja kelompok karo kanca-kancane.[7]

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h Sumantri. 2005.Model Pengembangan Keterampilan Motorik Anak Usia Dini. Hal 11
  2. a b c Sumantri. 2005.Model Pengembangan Keterampilan Motorik Anak Usia Dini. Hal 12
  3. a b Patmonodewo, Soemiarti. 2003.Pendidikan Anak Prasekolah. Jakarta: PT Asdi Mahastya.Hal 19
  4. a b c d e f g Patmonodewo, Soemiarti. 2003.Pendidikan Anak Prasekolah. Jakarta: PT Asdi Mahastya.Hal 26-32
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r Sumantri. 2005.Model Pengembangan Keterampilan Motorik Anak Usia Dini. Hal 26-31
  6. a b c d e f g h i j k l m n o Sumantri. 2005.Model Pengembangan Keterampilan Motorik Anak Usia Dini. Hal 101-102
  7. a b c d Sumantri. 2005.Model Pengembangan Keterampilan Motorik Anak Usia Dini. Hal 117-118