Asep Dimyati
Asep Dimyati (42) yaiku salah sawijining warga Bandung kang bisa migunaaké uwuh dadi miguna. Saben-saben lèwat gang sing ana ing daérahé, swara motor sing dinggo njupuki uwuh kaya ta alarem kanggo masarakat sekitaré. Para warga pada metu karo nggawani uwuh sing wis dipisah antarané uwuh tèlès lan uwuh garing. ing sajroning bak uwuh, Cecep (17), gawéané luwih énténg amarga wis didèwèkaké uwuhé, dhèwèké ora pèrlu antrè.[1] Asep nransfer ilmuné marang cecep yaiku sekedik kepiye carané ingkang ngèlola uwuh ana ing daérah ngomahé. saka patang taun képungkur, kalihan ibu-ibu RW009 Cigereleng, Bandung, Asep ngawé komunitas peduli lingkungan, ingkang gadahi nama yaiku Kami Kawasan Bersih (KaKasih). omah nggoné Asep dadi panggon metuné ide-ide kanggo milih lan milah saka komunitas KaKasih. praktèké akéh macemé, wiwit saka nganggo biodigester uwuh organik, milih bungkus kertas kalihan plastik, lan ngawé kompos cair. “rumien, RW09 ora kaya ngèné iki. sampah kèrèp numpuk ana ing salahsiji titik ing daérah iki. tekané penggiat uwuh, Dewi Kusmianti, nggawé awakédewé dadi samsaya kreatif anggone ngelola uwuh kang ana. buahé legi, jumlah uwuh kang ana ing daérah iki isa wiwit kurang paling ora 50 pérsèn dibandingné karo sing sakdurungé,” kandané.Asep ngomong, kegiatan ingkan ditekuni iku sitik boko sitik didelok marang akèh wong kang ana. sitik boko sitik dèsa sèbelah uga kepingin migunaaké cara kang kaya ngéné iki. inspirasi iku uga keprungu tekan Raja Ampat, Nias, Manado. tamu luar negeri uga kathah sangèt. ana perwakilan saka 23 negara ingkang sampun purun dugi, ing salahsijiné yaiku saka Belanda, Aljazair, Jepang, Rumania, Meksiko, uga ana kang saka Pakistan.Pemkot bandung uga trèsna marang khasil Asep lan Kakasih. saka taun 2018, dèwèké dipilih lunga menyang kawasaki, jepang, kanggo delok langsung kepié cara ngolah sampah ing kana. saka lima dina, dèwèké sinau akèh saka negara sing terkenal pinter nyuda produksi uwuh. saka kunjungan ning daerah-daerah asep paling seneng nalika ngelola uwuh wiwit saka ngomah. Asep njajal nerapné cara iku mau ana ing daerah bandung, mliginé ana ning enem daerah sing ana ing daerah bandung iki. ananging, asep durung pingin mandeg sinau mbokya wis nduwé akeh pengalaman sing di nduweni. pelatihan uwuh sing diènèkné akeh pihak dèwèké meluni. nganti akhiré dèwèké ketemu Tatang Sobarna (49) penggiat uwuh saka Cikadut, Kota Bandung, awal taun iki. Asep ngomong, Tatang nduwé akeh kabisan sing ora di nduweni marang Asep. nduwé kabisan ana ing bidang kontrol elektronik, Tatang seneng ngawé inovasi ngopeni uwuh wiwit saka patang taun kepungkur.
Tatang ngomong yèn dèwèké pengin ngèkéki akèh alternatif daur ulang uwuh ning masyarakat. mergané ora kabèh uwong cocok karo siji metode waé. salah siji karyané yaiku wadah turahan panganan (wasima). dèwèké ngawé wasika saka 2014 lan terus disempernakné. rupane gur apa anané. Tatang ngawé wadah saka bahan paralon nganggo diameter 11,5 sentimeter (cm) lan duwuré 43 sentimeter (cm). ing njeroné, digawé dadi loro sekat, ruang sing kapisan digawé kanggo uwuh teles sing iso nampung 4 liter uwuh. ana uga ruang luwih cilik kanggo nampung lidi lengkap. warsiwa, jaré tatang, intiné yaiku komposter sing bisa disimpen ning njero omah merga ora nyebarné mambu. lewat proses hidrolisis lan fermentasi, khasil akhiré yaiku sampah organik. per siji warsiwa, bisa mrosès 1 kilogram (kg) uwuh teles dadi 0,2-0,4 kilogram (kg) pupuk organik. jarèné adèwéa ngawé wadah kanggo biopori saka ram kawat, pot lampu tanduran lan brikèt bonggol jagung.
sitik-sitik, kolaborasi iku akèh dikenal dèning akèh uwong wiwit saka lambé menyang lambé. uwong-uwong kabèh kaé sengojo teka lan èntuk inspirasi. ora pelit, Tatang lan Asep lila mbagi ilmu sing wis di nduweni marang kabèh uwong sing pancèn pengin sinau tenanan lan gelem urip nyaman bebarengan karo uwuh. wiwit saka taun iki, duwit maut iku ndampingi enem kawasan peduli uwuh ing Kota Bandung. para warga sinau saka cara milih, ngelola, nganti ngelola sampah nganti bisa dadi barang sing nduwèni khasil lan luwih nduwèni guna. Asep lan Tatang nduwèni targét, warga nduwé panggon sing nggo ngelola lan manfaatné uwuh organik cilik ing sekitar panggonané. sampah kudu dipilih saka lingkungan sing cedak. mirip kaya sing ana ing jepang. sing luwih menarik meneh, ameh kabèh biaya penelitian dibayari dèwèan. dièwangi warga, kabèh uga nyimpen duité sitik kanggo khasilé. kaya Asep, nyimpen duité setengah saka khasil kerjané kanggo sopir ojek daring. Tatang uga ngono. sitik saka khasilé desain kontrol-kontrol elektronik, dinggo mbayari riset cilik-cilikan perangkat kanggo ngelola uwuh lan sosialisasi para warga. saka 300 warsiwa sing wis digawé, amèh setengah dikèkné ora bayar kanggo para warga.
Biodata
besutLahir : Bandung, 6 Januari 1976
Pendidikan : SMA Muslimin 1 Bandung (Lulus 1994)
Rujukan
besut- ↑ Dimyati, Asep; Sobarna, Tatang (2018-11-26). "Asep Dimyati dan Tatang Sobarna, Kolaborasi Kunci Pejuang Sampah". Kompas.