Algir

nagara ing Afrika Lor
(Kaelih saka Aljazair)

Ganagara Dhémokratik Rakyat Algir[1][2][3][4] (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية, basa Berber: Tagduda tamegdayt taɣerfant tazzayrit) utawa sok diarani Algir iku nagara ing tlatah Maghribi, Afrika. Yèn miturut ambané wewengkon, Algir minangka nagara gedhé dhéwé ing Sagara Tengah, gedhé dhéwé ing Donya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika[5] sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya.[6] Aljazair bakal dadi nagara Afrika gedhé dhéwé sawisé wewengkon Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.

الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية
ⵜⴰⴳⴷⵓⴷⴰ ⵜⴰⴷⵣⴰⵢⵔⵉⵜ ⵜⴰⵎⴰⴳⴷⴰⵢⵜ ⵜⴰⵖⴻⵔⴼⴰⵏⵜ
Gendéraning Aljazair
Gendéra
Motto: بالشّعب وللشّعب
(Bil-sha'bi wa lil-sha'bi = "Déning rakyat lan kanggo rakyat")
Gunagita: Qassaman
Dunungpenering Aljazair
BrehakuthaAljir
JawatbasaArab

lain = Prancis, Bèrbèr

capital = Aljir
PapréntahanRépublik semi-présidhènsial
Kamardikan
• Banyu (%)
-
Population
• Pikira-kira 2010
35.423.000
• Cacahjiwa 1998
29.100.867
GKK  (ITK)Pikira-kira 2010
• Gunggung
US$251,117 miliar
• Saben wong
US$4.435
ArtacihnaDinar (DZD)
Kodhé bèl213
TLD internèt.dz

Algir wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Sagara Tengah ing sisih lor. Algir jembaré ana 2.400.000 km2, lan sing ndunungi kira-kira ana 35,7 yuta.[7] Kutha krajané yaiku Aljir.

Algir minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Algir iku uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.

Étimologi

besut

Tembung Al-jazā’ir (الجزائر) sajeroning basa Arab tegesé "pulo-pulo", asliné iku cekakan saka Jazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé "pulo-pulo kaum Bani Mazghana". Istilah sepisanan dipigunakaké déning géografer jaman pertengahan kaya ta Muhammad al-Idrisi.

Ing jaman klasik, laladan Aljazair lor uga diarani Numidia, kang biyèn wates wewengkoné uga kalebu Tunisia kulon lan Maroko wétan.

Géografi

besut

Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana antarané 19° lan 37° lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9° bujur kulon lan 12° bujur wétan. Lumrahé laladan pasisir Aljazair wujud pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.

Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقار‎ jibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka laladan dhataran dhuwur ing tengahé ara-ara Sahara, ing wewengkon Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan iku kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka kutha krajan Aljir. Tamanrasset yaiku kutha kang ana ing kana.

Kutha-kutha mligi Aljazair yaiku Aljir, Oran, Constantine, Tizi Ouzou, lan Annaba.

Pulitik

besut

Aljazair iku dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Dhémokrasi 2010[8] saka kalawarti internasional The Economist. Laporan Freedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérika Sarékat mènèhi Aljazair peringkat "ora bébas".[9]

Présidhèn minangka kepala nagara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taunan. Sajatiné biyèn mangsa kalungguhan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.[10] Padunung Aljazair duwé hak pilih ing umur 18 taun.[5]

Parlemèn Aljazair iku wujud sistem rong kamar (bikameral).

Provinsi lan dhistrik

besut
 
Péta provinsi Aljazair lan nomoré miturut urut-urutané sing resmi


1 Adrar
2 Chlef
3 Laghouat
4 Oum el-Bouaghi
5 Batna
6 Béjaïa
7 Biskra
8 Béchar
9 Blida
10 Bouira
11 Tamanghasset
12 Tébessa


13 Tlemcen
14 Tiaret
15 Tizi Ouzou
16 Aljir
17 Djelfa
18 Jijel
19 Sétif
20 Saïda
21 Skikda
22 Sidi Bel Abbes
23 Annaba
24 Guelma


25 Constantine
26 Médéa
27 Mostaganem
28 M'Sila
29 Mascara
30 Ouargla
31 Oran
32 El Bayadh
33 Illizi
34 Bordj Bou Arréridj
35 Boumerdès
36 El Tarf


37 Tindouf
38 Tissemsilt
39 El Oued
40 Khenchela
41 Souk Ahras
42 Tipasa
43 Mila
44 Aïn Defla
45 Naama
46 Aïn Témouchent
47 Ghardaïa
48 Relizane

Démografi

besut

Aljazair duwé cacah sing ndunungi 34.895.000 (prakiran Januari 2010), yaiku 99% minangka ètnis Arab utawa Berber.[5] Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha-kutha liya.[11] Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropa ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara iku saka Prancis.[12]

Deleng uga

besut

Cathetan suku

besut
  1. Brozolo, Luca G. Radicati di (1990). "Benemar v. Embassy of the Democratic and Popular Republic of Algeria". American Journal of International Law. 84 (2): 573–577. doi:10.2307/2203476.
  2. "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-05-11. Dibukak ing 2011-04-19.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  3. http://www.mem-algeria.org/legis/Mines_ANNEX-29-04-03.pdf
  4. "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-05-11. Dibukak ing 2011-04-19.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. a b c "Africa: Algeria". CIA World Factbook. Cia.gov. Diarsip saka sing asli ing 2012-09-30. Dibukak ing 2009-12-07.
  6. Encarta MSN
  7. "Population et Démographie". Office National des Statistiques. Dibukak ing 2010-03-13.
  8. "Democracy Index 2010".[pranala mati permanèn]
  9. "Freedom of the Press 2009" (PDF). Freedom House. Diarsip (PDF) saka asliné ing 2009-05-20. Dibukak ing 2009-05-07.
  10. "Algeria deputies scrap term limit". News.bbc.co.uk. November 12, 2008. Dibukak ing 2008-11-24.
  11. John Douglas Ruedy (2005). "Modern Algeria: the origins and development of a nation". Indiana University Press. p.22. ISBN 978-0-253-21782-0
  12. Raimondo Cagiano De Azevedo (1994). "Migration and development co-operation.". Council of Europe. p.25. ISBN 978-92-871-2611-5