Tuduhaké menu pokok

Owah-owahan

75 bèt wis ditambahake ,  2 sasi kepungkur
Basa wréda krama iku basa krama kang dianggo wong tuwa (wrédha) marang wong enom. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, nanging panambang kang kaanggo iku ngoko: ''-(n)é'' utawa ''-(k)aké''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa wréda krama.
 
<blockquote>Pun anak punapa ajeng nedha ulam ménda, '''di'''saté raos'''é''' éca, pun Monah saged ambakar'''aké'''.<ref name=":0">{{Cite book|url=https://www.sastra.org/katalog/judul?ti_id=165|title=Kawruh Basa|last=Prajapustaka|first=Mas Ngabèi|publisher=N. V. Mardi Mulya|year=1925|isbn=|location=Ngayogyakarta|pages=5-6}}</ref></blockquote>
 
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama, déné ater-ater lan panambangé nganggo ngoko.
Basa kramantara iku basa krama kang dianggo wong-wong kang tatarané (kalungguhané, pangkaté, sekolahé, utawa umuré) padha. Tembung-tembung kang kaanggo iku kabèh krama, samono uga ater-ater lan panembang kang kaanggo: ''dipun-'', ''-(n)ipun'', lan ''-(k)aken''.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Basa kramantara mirib basa wrédha krama, mung béda ing panganggoning ater-ater lan panambang. Ing isor iki conto ukara ing basa kramantara.
 
<blockquote>Kang sarira punapa ajeng nedha ulam ménda, dipunsaté raosipun éca, pun Monah saged ambakaraken.<ref name=":0" /></blockquote>
 
Conto ing dhuwur mung nganggo tembung krama.
Basa mudha krama utawa basa krama lugu iku basa krama kang dianggo wong enom (mudha) marang wong tuwa. Tembung-tembung kang kaanggo iku krama kanthi campuran krama inggil lan krama andhap. Ater-ater utawa panambang kang kaanggo uga krama.{{sfn|Suwadji|2013|pp=11}} Ing isor iki conto ukara ing basa mudha krama.
 
<blockquote>'''Panjenengan sampéyan''' ''punapa'' '''karsa''' '''dhahar''' ''ulam'' ''ménda''.<ref name=":0" /></blockquote>
 
Conto ing dhuwur nganggo tembung krama lan krama inggil (''panjenengan sampéyan'', ''karsa'', lan ''dhahar'')
62.839

besutan