Badan Pembinaan Hukum Nasional

Badan Pembinaan Hukum Nasional inggih punika salah satunggaling unsur ingkang njurung lampahing tugas pokok Kamentrian Hukum dan Haks Asasi Manusia Indonésia ingkang gadhah tugas kanggé nindakaken pembinaan lan pangrembakaning ukum nasional.

gedung bphn

Fungsinipun besut

Kanggé nindakaken tugasipun, Badan Pembinaan Hukum Nasional gadhah fungsi kados makaten:

  1. Ngrumusaken lan nindakaken kawicaksanan teknis ing babagan pambinaan ukum nasional
  2. Ngrumusaken baku, norma, pedoma, kriteria, lan prosedur ing babagan pambinaan ukum nasional
  3. Paring bimbingan teknis lan evaluasi
  4. Nindakaken urusan administrasi ing lingkungan Badan Pembinaan Hukum nasional
  5. nindakaken koordinasi anggènipun nyusun rencana pangyasa ukum nasiona lan program legislasi nasional (prolegnas)
  6. Mbina, mbimbing, lan koordinasi saha nindakaken makarya sama ing babagan panyuluhan ukum
  7. Ngawontenaken kegiyatan kanggé kupiya minangka budaya ukum masarakat
  8. Mbina lan ngrembakakaken sistem jaringan dokumentasi lan informasi ukum saha pabukon ukum

Struktur Organisasi besut

Badan Pembinaan Hukum Nasional kapérang dados 5, inggih punika kados makaten:

  1. Sekretariat Badan, ingkang gadhah tugas paring pelayanan teknis lan administratip dhateng sadaya ékan organisasi ing lingkungan BPHN. Déné kanggé nindakaken tugasipun, Sekretariat Badan gadhah fungsi ing antawisipun kanggé nindakaken koordinasi lan nyusun rencana, program lan anggaran; ngemunah urusan kepegaweyan, ngemunah urusan kauangan, ngemunah barang milik nagara; nindakaken evaluasi lan nyusun lapuran BPHN, saha ngemunah urusan umum. Déné sekretariat Badan kapérang dados, pérangan program dan pelaporan, pérangan kepegawaian, pérangan keuangan, pérangan pengelolaan barang milik nagara, pérangan umum, lan golongan kalungguhan fungsional.[1]
  2. Pusat Penelitian dan Pengembangan Sistem Hukum Nasional, ingkang kapérang dados babagan panalitèn kelembagaan dan penegakan ukum (sub babagan penelitan kelembagaan ukum dan sub babagan penelitan penegakan ukum); Babagan panalitèn substansi ukum (sub babagan panalitèn kebutuhan ukum dan sub babagan panalitèn ukum positif); Babagan panalitèn budaya ukum dan masarakat (sub babagan panalitèn gayutan ukum dan masarakat dan sub babagan panalitèn ukum tindak tertulis); Babagan pengembangan ukum dan fasilitasi panalitèn (sub babagan petemuan ilmiah dan makarya sama panalitèn dan sub babagan fasilitasi kalungguhan fungsional peneliti ukum dan panalitèn); lan golongan kalungguhan fungsional.[2]
  3. Pusat Perencanaan Pangyasa Hukum Nasional ingkang kapérang dados bidag rencana dan fasilitasi pangyasa ukum (sub babagan penyimpanan rencana pangyasa ukum, sub babagan perencanaan makarya sama ukum, sub babagan fasilitas perencanaan ukum); babagan perencanaan legilasi (sub babagan penyusunan program legilasi nasional lan sub babagan fasilitasi program legilasi daerah); Babagan penyusunan naskah akademik peraturan perundang-undangan (sub babagan pulitik, ukum, keamanan, dan kesejahteraan rakyat, lan sub babagan perekonomian); saha golongan kalungguhan fungsional.
  4. Pusat Dokumentasi dan Jaringan Informasi Hukum Nasional, ingkang kapérang dados Babagan otomsi dokumentasi ukum (sub babagan sistem dan jaringan elektronik lan sub babagan database dan dokumentasi ukum); babagan Jaringan informasi ukum (sub babagan pemberdayaan jaringan informasi, sub babagan dasilitasi dan penguatan jaringan, sub babagan penerbitan dan publikasi ukum); Babagan pabukon ukum (sub babagan pengumpulan koleksi, sub babagan pemeliharaan koleksi, sub babagan pelayanan pamustaka); lan golongan kalungguhan fungsional
  5. Pusat Penyuluhan Hukum

Cathetan suku besut

  1. Sekretariat bphn Archived 2014-06-30 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 31 Januari 2013)
  2. Struktur Organisasi Archived 2016-03-09 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 31 Januari 2013)