Badan Sertifikasi Manajemen Risiko

Badan Sertifikasi Manajemen Risiko utawi ingkang asring dipuncekak kanthi cekakakne BSMR inggih punika salah satunggaling badan sertifikasi ingkang madeg piyambak lan dipunresmekaken ing wekdal sepisanan ing tanggal 8 Agustus 2005 minangka asiling tindak lanjut saking peraturan Bank Indonesia Nomer 7/25/PBI/2005 ngengingi sertifikasi Manajemen Risiko Kangge Pengurus lan pejabat Bank Umum[1]. BAdan Sertifikasi Manajemen Risiko (BSMR) ingkang gadhah tugas kanggé ngawontenaken sertifikat manajemen risiko ingkang ngewrat wonten ing international best practices, ingkang nerbitaken sertifikat manajemen resiko, lan nyabut sertifikatipun manawi ingkang nyepeng sertifikatipun kabukti lepat nindakaken prakawis ingkang nglanggar ing babagan perbankan dhedhasar putusan pengadhilan ingkang gadhah kakiyatan kukum ingakng tetep utawi pelanggaran kodhe etik profesi, saha nglapuraken kegiyatan ingkang gadhah gegayutan kaliyan sertifikasi ing skala tartamtu dhaten BAnk Indonesia. Demi kanggé njagi kualitas sertifikasi manajemen resiko perbankan ing Indonésia inggih ndhèrèk standar kualitas internasional, BSMR nindakaken kerja sama kaliyan Global Association of Risk Professional (GARP) kanggé nyusun silabus, buku kerja, materi lan soal ujian program sertifikasi manajemen resiko. GARP inggih punika minangka satunggaling asosiasi profesi manajemen resiko ingkang gadhah reputasi internasional kanggé ngawontenaken sertifikasi Financia Risk Manager (FRM) ingkang mliginipun dipuntujokaken kanggé para pelaku indhustri jasa kauangan.

Logo BSMR

Dhasar Kukum

besut
  • Peraturan Bank Indonesia Nomor 7/25/PBI/2005 ngengingi Sertifikasi Manajemen Risiko Bagi Pengurus lan Pejabat Bank Umum[1]
  • Peraturan Bank Indonesia Nomor 8/9/PBI/2006 ngengingi éwah - éwahan sakingPBI 8/9/PBI/2006 ngengingi Sertifikasi Manajemen Risiko kanggé Pengurus lan Pejabat Bank Umum[2]
  • Peraturan Bank Indonesia Nomor 11/19/PBI/2009 ngengingi Sertifikasi Manajemen Risiko kanggé Pengurus lan Pejabat Bank Umum[3]
  • Peraturan Bank Indonesia Nomor: 12/7/PBI/2010 tentang Owah-owahan Atas PBI No.11/19/PBI/2009 ngengingi Sertifikasi Manajemen Risiko kanggé Pengurus lan Pejabat Bank Umum[4]

Dhasaring Perkawis

besut

Nalika wonten krisis perbankan ing taun 1997, kaanan mikro perbankan nassional nandang karentan dhateng gejolak ékonomi ingkang dipunjalari ing antawisipun déning prinsip ngati- ati ingkang dipunlirwakaken wonten ing kegiyatan operasional, dhuwuripun resiko kemacetan kredit, kaprigelan manajerial bank ingkang lemah saéngga ngobataken kualitas aktiva prodhuktif ingkang mandhap saha lajeng ningkatipun resiko ingkang dipunadhepi déning bank. Krisis mau nedahaken bilih indhustri perbankan nasional dèrèng gadhah kalembagan bank ingkang kiyat lan ugi dipundhukung kanthi infrastruktur perbankan ingkang saé supados saged ngatasi gejolak internal punapa déené eksternan. Minangka salah satungaling cara kanggé nyehataken malih indhustri perbankan ingkang kiyat, séhat, lan efisien, mila BAnk Indonésia ing tanggal 9 Januari 2004 medalaken Arsitektur Perbankan Indonesia (API).

Tingkatan sertifikat manajemen risiko

besut

Tingkatan sertifikat manajemen risiko kapeérang saking 5 tingkat dhedhasar jenjang kalungguhan lan struktur organisasi bank, inggih punika [3]:

  • Tingkat 1
  • Tingkat 2
  • Tingkat 3
  • Tingkat 4
  • Tingkat 5

Cathetan suku

besut
  1. a b PBI No. 7/25/PBI/2005[pranala mati permanèn]
  2. PBI No. 8/9/PBI/2006[pranala mati permanèn]
  3. a b "PBI No. 11/19/PBI/2009". Diarsip saka sing asli ing 2011-06-24. Dibukak ing 2013-03-18.
  4. "PBI No. 12/7/PBI/2010". Diarsip saka sing asli ing 2011-05-17. Dibukak ing 2013-03-18.


Cithakan:Perbankan-stub