Badan Tenaga Nuklir Nasional
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Cithakan:Infobox lembaga nonstruktural Indonésia
Badan Tenaga Nuklir Nasional, ingkang asring dipuncekak kanthi nama BATAN, inggih punika Lembaga Pamarentah Non Kamentrian Indonésia ingkang gadhah jejibahan nindakaken tugas papréntahan ing babagan panalitèn, pangrembakaning tenaga nuklir saha mupangataken tenaga nuklir. Ing wekdal punika, BATAN dipunpandhegani déning satunggaling Kepala Batan inggih punika Prof. Dr. Ir. Anhar Riza Antariksawan nggantosaken Prof. Dr. Djarot S. Wisnubroto (sekawit 28 Juni 2019)
Sajarah Pangrembakanipun
besutKegiyatan ngrembakakaken lan ngginakaken tèknologi nuklir ing Indonésia dipunwiwiti saking maujudipun Panitia Nagara kanggé ngawontenaken penyelidikan radioaktivet]] ing taun 1954. Panitia Nagara kasebat gadhah tugas kanggé mangertosi wontenipun radioaktif ingkang mandhap lan pating clecer saking asiling uji coba sanjata nuklir ing Lautan Pasifik.[1] Kanthi nggantosaken pangrembakaning daya guna lan ngginakaken teaga atom kanggé kasejahteraning masarakat, mila kanthi wontenipun Peraturan Pamaréntah No. 65 Tahun 1958, lan ing tanggal 5 Dhésèmber 1958 dipunbentuk Dewan Tenaga Atom lan Lembaga Tenaga Atom (LTA), ingkang lajeng dipunsempurnakaken dados Badan Tenaga Atom Nasional (BATAN) dhedhasar UU NO. 31 Taun 1964 ngengingi Ketentuan-Ketentuan Pokok Tenaga Atom. Ingkang salajengipun, tanggal 5 Dhésèmber dipuntetepaken dados dinten ambal warsanipun BATAN ing Indonésia. Ing pangrembakaning salajengipun, kanggé langkung ningkataken panguawosaning babagan iptek nuklir, mila lajeng dipunyasa sapérangan fasilitas panaliten, pangremakanipun, lan rekayasa (litbangyasa) ingkang kasebar wonten ing kathah laladan ing Indonésia, kados ta wonten ing Kawasan Nuklir Bandung (1965), Kawasan Nuklir Pasar Jumat, Jakarta (1966), Kawasan Nuklir Yogyakarta (1967), lan Kawasan Nuklir Serpong (1987). Déné éwah-ewahaning paradigma ing taun 1997 dipuntemtokaken kanthi wontenipun UU No. 10 ngengingi Ketenaganukliran ingkang ing antawisipun ngatur bab pamisahaning unsur pelaksana kegiyatan mupangataken tanaga nuklir (BATAN) kaliyan unsur pengawas tenaga nuklir.
Tugas Pokok lan Fungsi
besutMiturut UU No. 10 Taun 1997 bab Ketenaganukliran lan Keppres RI No. 64 Taun 2005, BATAN dipuntetepaken dados Lembaga Pamarentah Non Departemen ingkang mapan wonten ing sak ngandhapipun lan gadhah tanggel jawab dhaten Présidhèn. BATAN dipunpandhegani déning satunggal Kepala BATAN lan dipunkoordinasikaken déning Mantri Riset lan Teknologi. Tugas ingkang baku saking Batan inggih punika nindakaken tugas papréntahan ing babagan panaliten, pangrembakaning lan ngginakaken tenaga nuklir kados ketentuan peraturan perundhang-undhangan ingkang sampun dipuntemtokaken. Kangge nindakaken tugas kasebat, BATAN nindakaken fungsi ing antawisipun inggih kados makaten:[2]
- Ndhudhah saha nyusun kawicaksanan nasional ing babagan panaliten, pangrembakaning saha ngginakaken tenaga nuklir.
- Koordinasi kegiyatan fungsional nalikan nindakaken tugas BATAN
- Paring fasilitas saha mbina wonten ing kegiyatan instansi papréntahan ing babagan panaliten, pangrembakanipun lan ngginakaken tenaga nuklir
- Ngawontenaken pembinaan lan nglayani administrasi umum ing bidhag perencanaan umum, ketatausahaan, organisasi lan tata laksana, kapegaweyan, kauangan, kearsipan, hukum, persandhinan, perlengkapan lan rumah tangga.
Ing BATAN gadhah 3 reaktor nuklir ingkang dipun-ginakaken ing Indonésia, 2 reaktor Triga mark II lan satunggal reaktor nuklir 30 MW ing Serpong.
Cathetan suku
besut- ↑ SEJARAH BATAN (dipunundhuh tanggal 2 Pebruari 2013)
- ↑ PROFIL BATAN (dipunundhuh tanggal 2 Pebruari 2013)