Basa Gaelik Sekotlan (Gàidhlig) dituturake udakara 60.000 wong ing Sekotlan (Alba), mligi ing Highlands (a' Ghaidhealtachd) lan ing Western Isles (Na h-Eileanan an Iar), nanging uga ing Glasgow (Glaschu), Edinburgh (Dùn Eideann) lan Inverness (Inbhir Nis). Ana uga komunitas panutur Gaelik cilik ing Kanada, mligi ing Nova Scotia (Alba Nuadh) lan ing pulo Cape Breton (Eilean Cheap Breatainn). Panutur liyané uga bisa ditemoni ing Australia (Astràilia), Selandia Baru lan Amérikah Sarékat (Na Stàitean Aonaichte).

Scottish Gaelic
Gàidhlig
Pronunciation [ˈkɑːlʲəkʲ nə haˈɫapə]
Dituturaké ing Sekotlan, Kanada
Wilayah Scottish Highlands, Western Isles, Cape Breton, Nova Scotia; formerly all of mainland Scotland except the south-eastern part (parts of Lothian and Borders).
Gunggung panutur 58,652 (Scotland, 2001 census) (Deleng uga Pranala njaba below)
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Status resmi
Basa resmi ing Sekotlan
Regulated by Bòrd na Gàidhlig
Kodhe basa
ISO 639-1 gd
ISO 639-2 gla
ISO 639-3 gla



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Sajarah

besut

Basa Gaelik Sekotlan uga gegayutan karo basa Manx lan Irlandia lan digawa ing Sekotlan udakara abad ke-4 M déning wong-wong Sekotlan saka Irlandia. Basa Gaelik Sekotlan dituturake ing sakiteré Sekotlan (saliyané saka laladan rada kidul wétan lan lor wétan) antarané abad kaping 9 lan 11, nanging wiwit mundur ing lor lan wétan saka abad kaping 11 lst. Sakabehing logat basa Gaelik Sekotlan kanthi gegayutan bisa dingerteni, lan basa Irlandia katulis bisa dingerteni nganti tingkat dhuwur.

Tulisan basa Gaelik Sekotlan kang bisa dingerteni wiwit pisanan yaiku cathetan sajeroning Book of Deer kang ditulis ing Sekotlan lor wétan ing abad kaping 12, sanajan basa Gaelik Klasik katulis kang umum sinamun amba saka pambeda antarané basa Gaelik Sekotlan lan Irlandia.

Alfabet Basa Gaelik Sekotlan

besut

Basa Gaelik Sekotlan ditulis kanthi 18 huruf kang saben hurupe disebutake sawisé siji wit utawa sesemakan. Sakabehing hurup mati duwé luwih tinimbang 1 pangucapan kang manut karo panggone sajeroning tembung lan hurup urip ndisiki utawa meloni.

Tandha hurup mati (Àà, Èè, Ìì, Òò lan Ùù) minanngka tandha versi dawa hurup urip, nanging ora dianggep hurup kapisah. Tulisan Gaelik (uncial) kang luwih tuwa utawa "corr litir" wis ora digunakaké nganti pirang-pirang abad ing Sekotlan, lan wis ora digunakaké sajeroning basa Gaelik cetak. Tulisan uncial tetep digunakaké ing Irlandia yaiku ing tandha dalan lan pawarta umum. Ortografi basa Gaelik Sekotlan diatur ing pungkasan 1970-an.

Pangucapan

besut

Hurup mati lan uni rangkep

besut

Fuaimreagan (hurup mati)

besut

[i] i, io

[e] e, ea, ei

[ε] ea

[a] a, ai, ea

[O] o, oi, eo

[o] o, (oi)

[u] u, ui, iu

[X] agh/adh, oi

[uu] (ui)

[i:] ì, ìo

[e:] é, éi, eu

[ε:] è, èi

[a:] à, ài, eà

[O:] ò, òi, eò

[o:] ó, ói

[u:] ù, ùi, (iù), iùi, (u), io

[X:] agh/adh+huruf hidup

[uu:] ao, aoi

Dà-Fhoghair (hurup rangkep)

besut

[iuh] ia

[uuh] ua

[ia] eu

[ai] ai

[ei] ei

[Xi] oi/ei/ai

[uui] ui/aoi

[au] a/ ea

[Xu] o

Connragan (hurup mati)

besut

Connragan leathann utawa hurup mati atos yaiku kang diwiwiti utawa dieloni a, o utawa u. Connragan caola utawa hurup mati alus yaiku kang diwiwiti utawa dieloni i utawa e. Akeh-akèhé hurup mati ngucapake pangucapan kang béda manut marang apa kang muncul ing wiwitan tembung utawa kang liyané. Hurup mati ing ngarepe tembung-tembung basa Gaelik jero bakal owah sajeroning manéka warna konteks. Prosès iki dikenal minangka "lenition" lan nglibatake panambahan <h> sawisé hurup purwa. Hurup kang ditimbulake yaiku suathaich utawa uni desah.

Suathaich (uni desah)

besut

bh, mh [v, w]

ch [x]

dh, gh [γ]

fh

ph [f]

sh, th [h]

Ungkapan dhasar

besut
  • Basa Gaelik: Gàidhlig (GAH-lick)
  • sugeng rawuh: fàilte (FAL-tyuh)
  • tulung: mas e do thoil e (mah SHEH daw HOL eh)
  • matur nuwun: tapadh leat (TAH-pah let)
  • nyuwun pangapunten: tha mi duilich (hah mee DOO-leekh)
  • punika: am fear sin (am fer SHIN)
  • pinten?: cia mheud (kah VIT)
  • Basa Inggris: Beurla (BYER-luh)
  • iya: tha (hah)
  • ora: chan eil (chan YIL)
  • aku ora ngerti: chan eil mi a' tuigsinn (khan YIL mee uh TOOK-shin)
  • ing ngendi kiwane?: càit a bheil an taigh beag? (KATCH-uh vil an TUH-eeh bik)
  • pakurmatan umum: slàinte (SLAN-tyuh)

Pranala njaba

besut