Basa Pesisir Sibolga
Basa Pesisir Sibolga ya iku basa kang dituturké ing kutha Kutha Sibolga, Tapanuli Tengah, lan sekubengé ing provinsi Sumatra Lor[1]. Basa iki kegolong ing kelompok basa Malayik lan dadi dhialék Basa Minangkabo[1][2]. Wong Sibolga nganggo basa iki ing pasrawungané. Pagawéan wong-wong Sibolga iku lumrahé nyandak iwak utawa dagang iwak ning pasisir kulon Tapanuli Tengah. Amarga iku, wong Sibolga akèh gayutan karo wong ing pasisir kulon Sumatra Wétan utawa Minangkabo lumrahé lan basané akèh padhané karo basa Minangkabo ketimbang basa Basa Batak Mandailing utawa Toba. Ana uga sajarah ana dèné wong Sibolga kang nuturké basa Pesisir iki turunan saka wong Minangkabo kang pindhah ing laladan pasisir kulon Tapanuli. Miturut data sing kantor kutha Sibolga, jumlah penduduk kang nuturké basa Pesisir Sibolga ana 36.500 wong ing taun 1986[2]. Panyatur basa iki sumebar ing désa Koto Baringin, Pasar Baru, Pasar Belakang, pincuran Gerobak, Pincuran Kerambil, Pincuran Déwa lan Aek Habil[2].
Basa Pesisir Sibolga | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Sumatra Lor (Indonesia) | |
Wilayah | kutha Sibolga, pasisir kulon Sumatra Lor | |
Gunggung panutur | 36.500 | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2 | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | min
| |
ISO 639-3 | min
| |
|
Basa Pesisir Sibolga ora dhuwé variasi dhialék. Ayaké disebabaké daérah panyatur basa iki ora luas lan para panyatur relatip bisa gayutan komunikasi. Pengaruh basa liyan kaya déné basa Batak Mandailing lan Batak Toba sayah suwé sayah kuat. Nanging pengaruh iki durung ngakibatké muncul dhialék-dhialék basa. Basa Pesisir Sibolga masih dhuwé peran aktip ing padinan, upacara adat kaya déné baralek, turun karai, mengayun anak, mengurai laut, lan kagiyatan agama. Basa Pesisir Sibolga dhuwé sastra lésan ya iku Puti Runduk lan Puti Andam Dewi[2].
Conto ukara
besut- Ambo indak balari, “Aku ora lumayu”.
- Siapo nama mamak ang?, “Sapa jeneng pakdhému?
- Inyo tau carito tu dari mamak, “Dhéwéké weri critané saka pakdhéné”.
- Umak kalamari baronan dan aya pai mamukkek, “Ibu wingi blanja lan bapak lunga mukat iwak”[2].