Basa Sakai
Basa Sakai ya iku basa kang dienggo déning wong Sakai ing Kacamatan Mandau, Kabupatén Bengkalis[1]. Wong Sakai iki kagolong golongan suku kang rasa adhoh karo masarakat liyané ing laladan kono. Basa Sakai ana gayutané karo basa Malayu lan Minangkabo lan kagolong ing golongan basa Malayik. Miturut sesepuh Sakai, dhèwèké saka Pagarruyung, Minangkabo amarga ngadhohi sistem pajek awit jaman Welanda. Wewengkon wong Sakai diarani Kepenghuluan kang dibawahi katua désa lan diarani Batin. Ana kurang lewih rolas kepenghuluan ing daérah Sakai[1].
Basa Sakai | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Riau | |
Gunggung panutur | 10,257 (1978) | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | -
| |
ISO 639-2 | -
| |
ISO 639-3 | zlm
| |
|
Basa Sakai isih ndhuwéni fungsi minangka basa pasrawungan ing kulawarga, masarakat, lan basantara karo masarakat liyané kang dudu Sakai. Struktur lan tata ukara mirip karo basa Minangkabo kang akèh dienggo ing Mandau. Wong Sakai dhuwé tradisi sastra lésan nanging durung didhokumentasi kanggo sastra tulis. Sastra lésan iku ana gancaran lan gurit. Prosa ana mangrupa carita rakyat kayadéné legènda, fabel. Lan gurit mangrupa pantun, mantera, bidal[1].
Conto basa
besutIkan nan bosa, “Iwak kang gedhé”.
Apo nan ompon baah?, “Apa kang kowé nggawa?”
Budak-budak mamungkan ula dengan batu, “Bocah-bocah mbandheni ula nganggo watu”[2].
Rujukan
besut- ↑ a b c Lubis, Idrus, dkk (1985). Struktur Bahasa Sakai. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
- ↑ Martono, Sugiyo Hadi, dkk (1995). MORFOLOGI DAN SINTAKSIS BAHASA SAKAl. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.