Basa Sranan Tongo
Basa Sranang, uga diarani Sranangtongo (saka tembung Sranang "Suriname" lan tongo "ilat"), Sranan, Taki-Taki, Kréol Suriname lan sapanunggalé iku basa kréol dhedhasar saka basa Inggris kang dipituturaké minangka lingua franca ing nagara Suriname déning udakara wong 500.000.[1]
Language name | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | — | |
Wilayah | — | |
Gunggung panutur | — | |
Rumpun basa | ||
| ||
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | srn
| |
ISO 639-3 | srn
| |
|
Basa iki dadi basa padinan lan basa sesambungan antarané panyatur basa Landa, Jawa, Hindhustani Karibia, Aukaans, lan Cina. Basa Sranang iki dipituturaké uga déning warga Suriname ing Walanda.
Basa iki mula-bukané dipituturaké déning batur-batur tukon kang digawa saka Afrika ing Suriname awit abad ping 17, lan nalika Suriname isih jajahané Inggris. Sabubaré taun 1667, tlatah Suriname diijolaké karo Niu Amsterdam antarané Inggris lan Walanda.
Campuran saka pijin basa Inggris, Landa, Portugis lan basa-basa Afrika mligi, basa Sranang iki mula-bukané kanggo sesambungan taliwarga antarané batur-batur tukon Afrika kang béda ètnis lan kanggo sesambungan antarané batur tukon karo bendarané amarga nalika iku ora diolèhaké nganggo cara Landa, mligi bendara menyang baturé tukon.
Sanajan sistem pamulangan ing Suriname dhedhasar sistemé Walanda, nanging basa Sranang dadi basa kang ditampa déning warga Suriname sakawit Dési Bouterse madeg kuwasa ing taun 1980-an lan kerep ngendikan basa iki saben sesorah.
Tuladané ukara
besut- Fa waka yu? = piyé kabaré?
- Morgu = sugeng énjang
- Grantangi = matur nuwun sanget
- Man = wong lanang
- Uma = wong wadon
- Manpikin = bocah lanang
- Umapikin = bocah wadon
- Oso = omah
- Langa = dhuwur
- Gudu = sugih
- A weti oso = omah putih
- Omeni? = pira?
- Yepi mi! = tulungi aku!
- Mi lobi yu =aku tresna marang sliramu
- O lati? = jam pira?
- Kantoro = kantor
- Sikoro = sekolah
Rujukan
besut- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenenge18