Suriname
Républik Suriname iku nagara kang dumunung ana ing pérangan lor Amérika Kidul. Nagara iki diwatesi karo Guyana Prancis ing wétan, Guyana ing kulon, Nagara Brazil ing kidul, lan Samodra Atlantik ing lor. Nagara iki salah sijining panggonan kang akèh wong Jawané, saliyané Indonésia lan Kaledonia Baru. Suriname iku mantan jajahan Walanda lan mbiyèn ditepungi mawa jeneng Guyana Walanda. Suriname mardika saka Walanda ing tanggal 25 November 1975.
Republic of Suriname Republiek Suriname (Walanda) | |
---|---|
'Motto: ''Justitia-Pietas-Fides (ing basa Latin) "Kaadilan-Kawajiban-Loyalitas" | |
Gunagita: 'God zij met ons Suriname (ing basa Walanda) ('Muga Allah karo kita Suriname') | |
Kuthagara lan Kutha paling gedhé | Paramaribo |
Jawatbasa | Nèderlan |
Recognised regional languages | Inggris, Jawa, Saramaccan, Paramaccan, Kwinti, Matawai, Cariban, Arawakan |
Wangsanama | Wangsa Surinamese |
Papréntahan | Constitutional democracy |
Chan Santokhi | |
Ronnie Brunswijk | |
Independence | |
• from the Netherlands | 25 November 1975 |
Pijembar | |
• Gunggung | 163.821 km2 (63.252 sq mi) (91st) |
• Banyu (%) | 1.1 |
Population | |
• Pikira-kira 2011 | 491.989[1] (167th) |
• Cacahjiwa 2004 | 492,829[2] |
• Ketebdunung | 2.9/km2 (7.5/sq mi) (231st) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2009 |
• Gunggung | $4.510 billion[3] |
• Saben wong | $8,642[3] |
GKK (angka) | Pikira-kira 2009 |
• Gunggung | $2.962 billion[3] |
• Saben wong | $5,675[3] |
IPM (2010) | 0.646[4] Error: Invalid HDI value · 96th |
Artacihna | Surinamese dollar (SRD) |
Laladan wektu | UTC-3 (ART) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC-3 (not observed) |
Nyetir ing | left |
Kodhé bèl | 597 |
TLD internèt | .sr |
Mawa amba kurang saka 165.000 km2, Suriname iku nagara swatantra kang cilik dhéwé ing Amérika Kidul. Guyana Prancis ambané luwih cilik, nanging tlatah iki laladan Prancis lan ora mardika. Suriname kang ndunungi kurang luwih 490.000 jiwa, lan mayoritasé urip ing pasisir lor, papané kutha krajan Paramaribo.
Sajarah Suriname
besutWewengkon Suriname wiwit kaloka abad kaping 15, yaiku nalika bangsa-bangsa Éropah nguwasani Guyana, sawijining dhataran jembar kang dumunung antarané Samodra Atlantik, Kali Amazon, Rio Negro, Kali Cassiquiare lan Kali Orinoco. Wiwitané dhataran iki déning para ahli kartografi diwnènehi jeneng Guyana Karibania (Guyana kang tegesé dhataran jembar kang diilèni déning akèh kali lan Karibania saka tembung Caribs yaiku jeneng kang ndunungi asli kang pisanan manggon ing dhataran mau).
Sajarahing Wong Jawa ing Suriname
besutAnaning wong Jawa ing Suriname iki ora bisa diculké karo ananing pakebonan-pakebonan kang dibukak ning kana. Sabubaré ora olèhé pabudhakan nèng kana, lan wong-wong turunan Afrika dibébasaké saka pabudhakan. Ing pamungkasing 1800an Walanda wiwit nekakaké para kuli kontrak asal Jawa, India lan Cina. Wong Jawa pramilané dipanggonaké ing Suriname taun 1880an lan dikaryakaké ing pakebonan gula lan kayu kang akèh ing tlatah Suriname.
Wong Jawa teka ing Suriname nganggo akèh cara, nanging akèh kang dipeksa utawa diculik saka désa-désa. Amung wong Jawa kang digawa, lan tlatah liya kang keturunané dadi Jawa kabèh ing kana.
Wong Jawa nyebar ing saindhenging tlatah Suriname, nganti ana désa jenengé Tamanrejo lan Margoyoso, ana manèh kang ngumpul ing Marienburg. Wong Jawa Suriname sajatiné tansah ana janji ing Tanah Jawa sanajan urip adoh dipisahké karo samodra, iku sebabé Basa Jawa panggah lestari ing tlatah Suriname. Weruh Indonésia wis mardika, akèh wong Jawa kang nduwé karep bali ning Indonésia, lan mung sithik kang bener-bener bisa bali, iku waé malahan ing tanah Sumatra lan tlatah-tlatah Indonésia liyané. Banjur, ing taun 1975 wayah Suriname mardika saka Walanda, wong-wong kalebu wong Jawa diwènèhi pilihan, panggah ing Suriname utawa mèlu pindhah menyang Walanda. Akèh wong Jawa kang akiré pindhah menyang tanah Walanda, lan liyané panggah ing Suriname. Rata-rata wong Jawa Suriname iku agamané Islam, sanajan ana kang mèlu agama liyané nanging sethithik.
Sing unik ing wong Jawa Suriname iki, ora olèh rabi karo anak putuné wong sa'kapal utawa sa' jaji. Dadi wong sa'kapal kang digawa ana ing Suriname iku wis dianggep paseduluran lan anak putuné ora olèh dirabi.
Républik Suriname (Surinam), yaiku nagara ing Amérika Selatan lan tilas jajahane Walanda kang merdeka saka Walanda tanggal 25 Novèmber 1975. Nagara iki wewatesan karo Guyana Prancis ing sisih wétan lan Guyana ing sisih kulon. SIsih kidul wewatesan karo Brasil lan ing sisih lor karo Samodra Atlantik. Suriname mau "Indonésia Sebelah Barat" jalaran akèhé wong Jawa kang ana ana ing Suriname. Ing Suriname ana wong Jawa kang manggoni, cacahé udakara 87.000 wong. Wong-wong Jawa iku mau digawa mrana karo Walanda taun 1890 nganti 1939.
Kutha krajané Suriname ana ing kutha Paramaribo. Golongan Hindustan utawa wong turunan saka imigran abad 19 saka India, populasine 21%. Kreol, camboran wong kulit putih lan kulit ireng cacahé 28%, wong Jawa ana 46% lan wong Maroon, turunane tukang réwang saka Afrika kang minggat, ana 10%. Liyane, yaiku wong Indian-Amérika, Tionghoa, lan kulit putih. Komunitas [[Yahudi ya ana, dhèwèké turunane kaum Sefardim kang maune minggat saka Iberia menyang Walanda. Agama kang dipeloni kaya ta Hindhu, Islam lan Kristen.
Démografi
besutWarga Suriname cacahé kabèh ana 433.998 wong. Uripé akèh-akèhané ana ing pinggir kali gedhé lan tlatah-tlatah cedhaking sagara. Uga urip ing punjer-punjer pakebonan. Wong Suriname iku akèh macemé, lan paling akèh ya turunan saka India kang nganti 17%né warga, sabanjuré wong Kreol kang turunané para batur tukon Afrika, cacahé 31%. Katelu iku wong Jawa, 45% banjur wong Maroon 10% (wong Maroon iki turunaning wong batur tukon kang lumayu menyang alas-alas, lan cara uripé tansah kaya leluhuré ing Afrika). Lan sisané ana wong Cina, Indian lan Walanda.[5]
Ora ana agama kang resmi ing Suriname. Ana agama Hindhu kang dipracayani karo wong India, agama Islam kang akèh dipracayani wong Jawa lan sapérangan wong India, uga Kristen lan Katulik kang dipracayai karo wong Kreol lan Maroon. Malah tansah akèh wong kang nganut ilèn Animisme.
Basa resmi kang diakoni ing Suriname ya basa Walanda, nanging kanggo basa pasaran wong Suriname nganggo basa Sranan Tongo kang asliné saka basa Inggris, lan iku dadi piranti wicaraning golongan-golongan ing kana. Kajaba iku, basa Hindi, lan basa Jawa diujarké karo klompoké dhéwé-dhéwé. Uga ana basa-basa Indian kaya ta Karib lan Arawak, basa-basa Maroon kaya Saramaka lan Ndjuka.
Wewengkon papréntahan
besutBudaya
besutKembang Nasional
besutSuriname nduwé kembang nasional kang jenengé Fajalobi, ing Indonésia lan India kaloka kanthi jeneng kembang Asoka.[6]
Tokoh keturunan Jawa
besutRujukan
besutCithakan:Komariah, Siti dan Puspa Ruriana. 2011. Basa Jawa di Suriname. Surabaya: Lima-lima Jaya
Pranala njaba
besutWikimedia Commons duwé médhia ngenani Suriname. |
- Kedutaan Suriname Indonésia Archived 2012-01-27 at the Wayback Machine.
- KBRI Suriname
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengcia
- ↑ Algemeen Bureau voor de Statistiek in Suriname-Census profile at district level Archived 2012-01-30 at the Wayback Machine.
- ↑ a b c d "Suriname". International Monetary Fund. Dibukak ing 2010-04-21.
- ↑ "Human Development Report 2010" (PDF). United Nations. 2010. Dibukak ing 5 November 2010.
- ↑ "Situs kedutaan Suriname". Diarsip saka sing asli ing 2011-08-24. Dibukak ing 2011-11-01.
- ↑ http://www.surinameembassy.org/welcome.shtml Archived 2011-11-03 at the Wayback Machine. Suriname US Embassy
- ↑ http://internasional.kompas.com/read/2010/08/07/12175644/120.Tahun.Migrasi.Suku.Bangsa.Jawa-3
- ↑ a b c http://www.suaramerdeka.com/harian/0711/12/nas07.htm
- ↑ http://www.kr.co.id/web/detail.php?sid=161924&actmenu=46[pranala mati permanèn]