Beit Shemesh
Cithakan:Infobox Israèl municipality Bet-Semes, saiki Beit Shemesh (Ivri: בֵּית שֶׁמֶשׁ
- Grikenlan: Βαιθσαμύς; Latin: Bethsames) iku kutha Israèl kuna sing dicathet ing Alkitab Ibrani utawa Prejanjèn Lawas ing Alkitab Kristen. Dumunung watara 30 kilometres (19 mi) ing sisih kulon Yerusalem. Kutha modhèren saiki iki "Beit Shemesh" diadegaké ing taun 1950, kalebu sajeroning dhistrik Yerusalem, kanthi gunggung sing ndunungi 80.600 ing taun 2010.[1]
Sajarah
besutKutha kuna Bet-Semes ("omah srengéngé" utawa "kuil srengéngé" sajeroning basa Ibrani) wiwitané dijenengi miturut dèwi srengéngé wong Kanaan, Shapash, sing dipuja sadurungé mlebuné wong Israèl menyang Kanaan. Ing Alkitab Bet-Semes wiwitané karan ing Kitab Yosua pasal 15 minangka siji kutha sajeroning wewengkon suku Yehuda ing tapel-wates karo suku Dan. Banjur ing Yosua 21 Bet-Semes kalebu siji kutha sing diwènèhaké marang imam-imam saka suku Lewi. Kutha iki duwé peran wigati sajeroning cathetan Kitab 1 Samuel pasal 6, amarga dadi papan mandhegé sapi penarik kréta sing ngamot Tabut Perjanjèn ing wektu dibalèkaké déning wong Filistin menyang wewengkon Israèl. Sajeroning Kitab 2 Raja-raja, Bet-Semes dicathet minangka papan pertempuran raja Amazia saka Karajan Yehudakaro raja Yoas saka Karajan Israèl Utara.[2][3]
Arkéologi
besutPuing-puing kutha kuna saka jaman biyèn bisa dideleng ing Tell Beit Shemesh, cedhak kutha modhèren saiki iki.[4]
Penggalian ing kana ing taun 2003 ngasilaké sawatara penemuan wigati arkéologi kalebu barang-barang wesi, témbok pertahanan kanthi sistem irigasi sing maju saka jaman Karajan Yehuda, balung-balung kéwan saka abad angka 12 nganti angka 11 SM sing nuduhaké jinis panganan sing ndunungi, sarta sawatara keramik sing nuduhaké prabawa budaya kutha tapel-wates iki. Nanging, angèl dimangertèni kanthi cetha idhèntitasé, apa saka budaya Kanaan, Filistin utawa Israèl kuna.[4]
Réferènsi
besut- ↑ "CBS, Statistical Abstract of Israèl". CBS. 2011. Dibukak ing 21 February 2012.
- ↑
- ↑
- ↑ a b Beit Shemesh – Biblical city on the border between Judah and Philistia, Israèl Ministry of Foreign Affairs. Retrieved 23 November 2007. Masalah sitiran: Tenger
<ref>
ora trep; jeneng "MFA" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
Pranala njaba
besutUga delengen
besut- Suku Lewi
- Suku Yehuda
- Pérangan Alkitab sing kagandhèng: Yosua 15, Yosua 21, 1 Samuel 6 2 Raja-raja 14, 2 Tawarikh 25.