Biofilm inggih punika kempalanipun sèl-sèl mikroorganisme/mikrob mliginipun jinis bakteri ingkang tumemplèk ing satunggalipun lelumahan lan dipunlèmèki déning polisakarida ingkang dipunèkskrèsikaken déning sèl-sèl bakteri.[1] Wontenipun biofilm dipunsebabaken amargi mikroorganisme langkung remen damel lingkungan mikro lan relung (niche) piyambak.[2] Mikrofilm ngrangkep nutrisi kanggé tuwuhipun populasi mikroorgaanisme lan mbiyantu uwalipun sèl-sèl saking lelumahan wonten ing sistem ingkang mili.[1] Lelumahan punika dados habitat ingkang wigatos tumrap mikroorgaanisme amargi nutrisi saged kaserep ing lelumahan saéngga kandhutan nutrisinipun saged langkung inggil tinimbang ing lebet larutan.[1] Konsekuènsinipun inggih punika, cacah lan aktivitas mikroba wonten ing lelumahan limrahipun langkung inggil tinimbang nalika wonten ing toya.[1]

Biofilm Staphylococcus aureus.

Ngantos dumugi taun 1980-an, modhèl tetuwuhan kanthi biofilm dipunanggep minangka satunggalipun wewujudan ingkang narik kawigatosan lan sanès satunggalipun studi èlmiah ingkang temenan.[3] Salajengipun, bukti-bukti ingkang sampun dipunkempalaken nedahaken bilih pawangunan biofilm inggih punika modhe tetuwuhan ingkang langkung dipunremeni déning mikroorganisme, sanèsipun punika mèh sadaya lelumahan ingkang kénging utawi kontak kaliyan mikrob dipunpanggihi saged nyurung pawangunan biofilm.[3] Adhedhasar punika, studi babagan biofilm saged dados langkung intènsif.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d [Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorganisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall. Kaca: 617-619.]
  2. [Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology. Boston: McGraw-Hill. Kaca:620-622.]
  3. a b c [Lerner KL, Lerner BW. 2003. World of Microbiology and Immunology. Farmington Hills, MI: The Gale Group, Inc. Kaca: 67-68.]

Pranala njawi

besut