Imam Bukhari
Muhammad bin Ismail bin Ibrahim bin al-Mughirah bin Bardizbah al-Bukhari (Pèrsi/Basa Arab: محمد بن اسماعيل بن ابراهيم بن المغيرة بن بردزبه البخاري), luwih kondhang kanthi sebutan Al-Bukhari (Arab: البخاري) utawa Imam Bukhari (194/810—256/870), iku ahli Islam Sunni keturunan Pèrsi kang kondhang [2][3]. Imam Bukhari iku kang nulis buku kumpulan hadits kang ingaran Sahih Bukhari. Buku iki koleksi hadits-hadits kang dianggep otentik lan pinercaya sawisé Quran.
Muhammad ibn Ismail al-Bukhari | |
---|---|
Lair | 194 AH [1] Bukhara, Pèrsi[1] |
Pati | 256 AH Khazantak, near Samarqand, Pèrsi |
Kala | Medieval era |
Tlatah | Muslim scholar |
Aliran | Mujtahid |
Pinaribawan
|
Biografi
besutWiwitan
besutImam Bukhari lair ing 810/194 ing kutha Bukhara, Pèrsi (saiki lumebu laladan Uzbèkistan). Ramané, Ismail bin Ibrahim, kawentar ing babagan hadits kang séda nalika isih enom.
Ahli sajarah, al-Dhahabi naté nerangaké urip pasinaoné Muhammad al-Bukhari iki:
Dhèwèké wiwit sinau hadits ing taun 205. Dhèwèké wis apal apa kang digarap déning 'Abdullah bin al-Mubaarak nalika isih cilik. Dhèwèké digulawentah déning ibuné amarga ingkang rama séda nalika dhèwèké isih bayi. Dhèwèké lelungan barenga karo ibu lan seduluré ing taun 210 sawisé krungu kabar prakara panggonanné. Dhèwèké wiwit nulis buku lan nyritakaké hadits. Dhèwèké kandha,"Nalika aku ngancik 18 taun, aku wiwit nulis prakara Sahabat (sahabat nabi) lan para Tabi'in lan putusan-keputusané. Iki samangsa karo 'Ubaidillah bin Musa (salah sawijining guruné). Nalika iku aku uga gawé sawijining buku sajarah ing kuburan Nabi ing wanci wengi nalika purnama.[4]
Ngulandara
besutIng umur 16, beberangan karo sadulur lanang lan ibuné, dhèwèké munggah haji menyang Mekah. Seka panggonan iku, dhèwèké nerusaké pangumbaran menyang sadengah papan kanggo ngundhakaké ngèlmu hadits. Dhèwèké lunga menyang punjer-punjer pasinaon Islam, ngudi kawruh marang para sarjana, lan tukar kawruh karo para ulama. Malah, wis kawentar yèn dhèwèké nemoni sèwu wong lan 700 èwu referensi tradhisional kanggo sinau prakara hadits, mbuh iku hadits becik utawa ora.
Sawisé 16 taun, dhèwèké bali menyang Bukhara, lan ing kana nulis buku Sahih Bukhari. Isiné kolèksi 7.275 hadits kang disusun manut bab, supaya manyaraké wong kanggo golèk rujukan fiqih kang teratur.
Buku iku diajèni ing antarané Muslim Sunni, lan dianggep kolèksi otèntik saka hadits (sapérangan cilik sarjana Sunni luwih nganggep karo Sahih Muslim, kang disusun déning Imam Muslim, murid Imam Bukhari). Saliyané buku kumpulan hadits iki, uga ditulis al-Adab al-Mufrad, kang isiné kumpulan hadits kang magepokan karo ètika lan tingkah laku, lan buku loro kang ngrembug prakara biografi para rawi
Taun-taun pungkasan
besutIng taun 864/250, dhèwèké manggon ing Nishapur. Ing Neysha-bu-r dhèwèké ketemu Muslim ibn al-Hajjaj. Dhèwèké kang banjur dadi murid kang nulis koleksi Sahih Muslim lan uga akèh dianggep kitab rujukan sawisé Sahih Bukhari. Perkara pulitik ndadèkaké Imam Bukhari pindhah menyang Khartank, sawijining désa cedhak Samarkand kang dadi panggonan sédané ing taun 870/256
Rujukan
besut- ↑ a b S. 'Abdul-Maujood, "The Biography of Imam Bukharee", Maktaba Dar-us-Salam, 2005, p. 13.
- ↑ "Encyclopedia of World Biography... – Google Books". Books.google.com. 2006-12-28. Dibukak ing 2010-02-03.
- ↑ "A guide to Eastern literatures – Google Books". Books.google.com. 2008-05-01. Dibukak ing 2010-02-03.
- ↑ Tathkirah al-Huffath, vol. 2, pg. 104-5, al-Kutub al-‘Ilmiyyah (Pucuk Ilmu) edhisi
Wewacan liya
besut- Abdul-Jabbar, Ghassan. Bukhari. New Delhi: Oxford University Press, 2007.