C++
C++ iku basa pemrograman komputer C++ dikembangaké ing Bell Labs (Bjarne Stroustrup) ing wiwitan taun 1970-an, Basa iki diturunaké saka basa sadurungé, ya iku BCL, Wiwitané, basa mau dirancang minangka basa pemrograman sing dilakokaké sajeroning sistem Unix, sabanjuré, versi ANSI (American National Standart Institute) Basa pemrograman C dadi versi dominan, sanadyan versi mau saiki arang dianggo sajeroning pengembangan sistem lan jaringan utawa kanggo sistem embedded, Bjarne Stroustrup ing Bell labs pisanan ngembangaké C++ ing wiwitan 1980-an, kanggo njurung fitur-fitur ing C++, diyasa efisiensi lan sistem support kanggo pemrograman tingkat cendhèk (low level coding).[1] Sajeroning C++ ditambahaké konsèp-konsèp anyar kaya class kanthi sipat-sipat kaya inheritance lan overloading.[butuh sitiran] Salah siji prabédan sing paling mendhasar karo basa C ya iku panjurung marang konsèp pamrograman mawa orièntasi objèk (Object Oriented Programming).[2]
Conto Program C++
besutContoh program prasaja C++ kanggo hello world sing migunakaké Pustaka Dhasar C++ bisa dipirsani ing ngisor iki:[butuh sitiran]
#include <iostream.h>
int main()
{
cout << "hello world\n";
}
Katrangan
besutBaris pisanan:
#include <iostream.h>
Minangka péranganing prosès kompilator, Kompilator c++ ngalkokaké program sing diarani preprosesor. Preprosesor duwé kamampuan nambahaké lan mbusek kodhe saka sumber, Ing pérangan #include mènèhi weruh preprosesor supaya nyertakaké kodhe saka iostream, Berkas iostream isi deklarasi kanggo manéka fungsi sing dibutuhaké déning piranti alus, utawa class-class sing dibutuhaké.[3]
Baris kaloro:
void main ()
Pratélan iki mbiwarakaké fungsi utama, yèn sawijining program C++ bisa isi akèh fungsi, sing kudu tansah duwé fungsi utama (main function), Fungsi iku modul sing isi kodhe-kodhe kanggo ngrampungaké masalah-masalah tinamtu. Tembung Void nandhakaké fungsi utama ora duwé jinis.[3]
Baris katiga:
{
Kurung kurawal buka menandakan awal program.[3]
Baris kapapat:
cout Cout << "Hello world\n";
Cout iku object saka Pustaka piranti alus standart C++ sing dipigunakaké kanggo nyethak string menyang piranti output standard, sing lumrahé layar komputer, Compiler ngubungaké kodhe saka pustaka piranti alus baku iku kanthi kodhe sing wis ditulis kanggo ngolèhaké asil executable, Tandha
\n
iku format modifier sing dipigunakaké kanggoganti baris sawisé nampilaké string, yèn ana cout liya ing program mau, string sing nyertani bakal ditulisaké ing baris ngisoré.[3] Baris kalima:
}
Kurung kurawal tutup nandhakaké pungkasan program.[4]
Tembung sing dipesen
besutGolongan siji
besutC++ duwé 32 tembung sing dipesen (reserved words), Tembung kunci golongan pisanan minangka turunan saka basa C, antarané:.[4]
auto | const | double | float | int | short | struct | unsigned |
break | continue | else | for | long | signed | switch | void |
case | default | enum | goto | register | sizeof | typedef | volatile |
char | do | extern | if | return | static | union | while |
Golongan kaloro
besutTembung sing dipesen golongan kaloro cacahé 30. Tembung-tembung iki anyar lan mung ana ing basa C++.[5]
asm | dynamic_cast | namespace | reinterpret_cast | try |
bool | explicit | new | static_cast | typeid |
catch | false | operator | template | typename |
class | friend | private | this | using |
const_cast | inline | public | throw | virtual |
delete | mutable | protected | true | wchar_t |
Kata-tembung yang dipesan tersebut di atas tidak boleh dipakai sebagai nama variable, class, enum, macro, dan struct.[5]
Tipe data dhasar
besutKanggo nyimpen variabel diperlokaké papan mirunggan ing memori komputer, Gedhé lan jinis Variabel-variabel ing dalam baku program C++ dispesifikasi kaya mau ing ngisor.[5]
Nama | Katrangan | Ukuran | Jangkauan |
---|---|---|---|
char | Abjad/karakter utawa kanggo wilangan bulat cilik | 1 byte | signed:-128 to 127
unsigned: 0 to 255 |
short int (short) | Wilangan bulat dengan jangkauan pendek | 2 byte | signed:-32768 to 32767
unsigned: 0 to 65535 |
int | Wilangan bulat | 4 byte | signed:-2147483648 to 2147483647
unsigned: 0 to 4294967295 |
long int (long) | Integer kanthi jangkauan panjang | 4 byte | signed:-2147483648 to 2147483647
unsigned: 0 to 4294967295 |
bool | Boolean, bisa bernilai bener utawa salah (true or false) | i byte | true or false |
float | Angka nganggo titik ngambang (wilangan cacah) | 4 byte | 3.4e +/-38 (7 digit) |
double | Wilangan cacah kanthi ketelitian gandha | 8 byte | 1.7e +/-308 (15 digits) |
long double | Wilangan cacah dengan ketelitian ganda panjang | 8 byte | 1.7e +/-308 (15 digits) |
wchar_t | Karakter lebar, biyasa dianggo Unicode karakter | 2 byte | 1 karakter lebar |
Pratélan C++ compiler
besutKanggo ngowahi kodhe-kodhe C++ program dadi program aplikasi sing dingertèni déning sistem operasi lan komputer, diperlokaké sawijining kompilator C++. Ing ngisor iki sawatara kompilator C++ sing bisa dipigunakaké aecara gratis,
- Microsoft Visual C++ 2005 Express
- Turbo C++ Explorer
- Apple Xcode for Mac OS X
- Open Source Watcom / OpenWatcom C/C++ Compiler
- Digital Mars C/C++ Compiler (Symantec C++ Replacement)
- Bloodshed Dev-C++ C++ Compiler
- Free Microsoft .NET Framework Software Development Kit (SDK) / Free Microsoft Visual C++ Compiler
- Intel C++ Compiler for Linux Non-Commercial Version
- Sun Studio Compilers and Tools
- Open64 Compiler Tools
- Apple's Macintosh Programmer's Workshop (C and C++ compilers)
- TenDRA C/C++ Compiler
- GNU C/C++ Compiler
- Ch Embeddable C/C++ Interpreter (Standard Edition) Archived 2010-05-23 at the Wayback Machine.
- DJGPP C and C++ Compilers
- CINT C and C++ Interpreter
- SDCC C Cross-compiler
- Cygwin Project (C & C++ Compilers)
- SDCC C Cross-compiler
- Code::Blocks
Rujukan
besut- ↑ Hanif al fatta (2006). Dasar Pemrograman C++ dibarengi dengan Pengenalan Pemrograman Berorientasi Objek. ISBN 979-763-582-1.
- ↑ Bruce Eckel (2000). Thinking in C++. Jilid 1 dari Thinking in C++ Introduction to Standard C+, Bruce Eckel. ISBN 9780139798092.
- ↑ a b c d e Nicolai M. Josuttis (1991). C++ primer Jilid 54848 dari Programming languages, penerbit Addison-Wesley, 1991. ISBN 9780201548488.
- ↑ a b Nicolai M. Josuttis (2002). Object-oriented programming in C++, Penerbit J. Wiley, 2002, Tebal 610 halaman. ISBN 9780470843994.
- ↑ a b c d Gregory Satir, Doug Brown (2002). C++: the core language. O'Reilly Media, Inc. ISBN 9781565921160.
Pranala njaba
besut- Homepage Bjarne Stroustrup
- C++ Users Journal
- Standard Template Library
- ISO Standard
- Andrei Alexandrescu
- Code guru, C++ resource
- C++ basic tutorial
Basa pamrograman |
---|
ALGOL | APL | Ada | BASIC| C | C++ | C# |CSS| COBOL | Common Lisp | Eiffel | FORTH | Fortran | Haskell | Java | JavaScript | Jython | LISP | LOGO | Mesa | Modula-2 | Oberon | Ocaml | Objective-C | Perl | PHP | Prolog | PL/I | Pascal | PostScript | Python | Ruby | Scheme | Smalltalk | SQL | Tcl | Visual Basic |