Daérah Istiméwa Surakarta

Dhaérah Istiméwa Surakarta (basa Indonésia: Daerah Istimewa Surakarta utawa dicekak DIS) utawa Laladan Mirunggan Surakarta (Hanacaraka: ꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦩꦶꦫꦸꦁꦒꦤ꧀ꦯꦸꦫꦏꦂꦠ) minangka wilayah otonom khusus (basa nalika iku daerah isitimewa) kang sacara de facto ana ing antarané Agustus 1945 tumekan Juli 1946 . Pangukuhan status otonomi khusus nalika samana durung ditemtokaké mawa ukum Angger-Angger mligi adhedhasar pasal 18 UUD asli, nanging namung mawa Piagam Penetapan Presiden tanggal 19 Agustus 1945 lan UU No. 1 Taun 1945 babagan Kalungguhané Komite Nasional Daérah.

Mulabukané Laladan Mirunggan (Daerah Istimewa)

besut

Kasunanan Surakarta lan Praja Mangkunagaran nalika tanggal 18-19 Agustus ngirim kawat kang isiné pangayubagya marang Soekarno-Hatta awit kamardikané Républik Indonésia. Banjur ing tanggal 1 Sèptèmber 1945, patang dina sadurungé Kasultanan Ngayogyakarta ngirim atur pangayubagya, SISKS Pakubuwana XII lan KGPAA Mangkunagara VIII, sacara kapisah ngirimi layang dhekrit praja. Limang dina sabanjuré, yaiku tanggal 6 Sèptèmber 1945, monarki loro iku mau merkolèh Piagam Panetepan saka Présidhèn Indonésia.

Wewangkon kang kawengku Laladan Mirunggan

besut

Wilayah kang kawengku DIS kadadèn saka:

  1. Wilayah Kasunanan kadadèn saka: a. Kabupatèn Surakarta (Kutha Surakarta saiki (disuda kacamatan Kecamatan Banjarsari, Kacamatan Kertèn, Kacamatan Jajar lan Kacamatan Karangasem ing Kacamatan Lawéyan, Kecamatan Majasanga ing Kecamatan Jebres) ditambah karo Kabupatèn Sukaharja), b. Kabupaten Klathèn (kalebu Kuthagedhé lan sawenèh Imagiri[1] ), c. Kabupatèn Boyalali, d. Kabupatèn Sragèn.
  2. Wilayah Mangkunegaran kadadèn saka: a. Kabupatèn Karanganyar (minang Calamadu lan kacamatan Gondangrejo), b. Kabupatèn Wanagiri (kalebu éksklav Ngawèn ), lan d. Kabupatèn Kutha Mangkunagaran [2] .

Kalungguhaning Laladan Mirunggan (Daerah Istimewa)

besut

Ora ana angger-angger kang nyebutaké prenahé DIS, apa ing tingkat provinsi (kaya déné DIY) utawa ing lèvel Kabupatèn (kaya déné ing Kutai, Berau, lan Bulongan). Kanthi mangkono ora bisa dingertèni kanthi cetha kepiyé prenah lungguhé DIS [3] .

Papréntahan Laladan Mirunggan

besut

Papréntahan ing DIS dipérang dadi rong tahap sajrone periodhe Agustus 1945 nganti Juli 1946. Saben tahapan nuduhaké prabédan kang signifikan.

Papréntahan DIS Agustus 1945 - Oktober 1945

besut

Sajroning wektu kasebut, ana sawenèh papréntahan kang lumaku ing DIS, ing antarané yaiku:

  1. Pamaréntah Kooti Zimukyoku (pamaréntah Jepang)
  2. Papréntahan Komite Nasional Indonesia ing laladan Surakarta
  3. Papréntahan Kasunanan Surakarta
  4. Pamaréntah Praja Mangkunagaran

Saben papréntahan duwèni kuwasa lan aparat dhéwé-dhéwé. Papréntahan Kooti Zimukyoku minangka pamaréntah status quo kang nerusaké papréntahaning Tentara Sekuthu minangka kang menang Perang Donya II. Papréntahan iki ora suwé amarga agé-agé direbut déning pamaréntah KNI Wilayah Surakarta. Papréntahan KNI Wilayah Surakarta minangka papréntahan kang dibentuk déning masarakat minangka réaksi kanggo nyengkuyung kamardikaning Indonésia. Papréntahan iki ngripta Dewan Pemimpin kang cacahé ana telung wong kanggo ngetrapaké kekawasan éksekutif padinan.

Papréntahan Kasunanan Surakarta iku papréntahan kang nutugaké papréntahan monarki sadurungé kamardikaning Indonésia. Papréntahan Kasunanan Surakarta dipimpin déning Sénapati utawa Pepatih Dalem kang mréntah ingatasé nama Susuhunan Pakubuwana.

 

Déné papréntahan Praja Mangkunagaran nutugaké papréntahan monarki sadurungé mardikaning Indonésia. Papréntahan Praja Mangkunagaran kang dipimpin déning Sénapati utawa Pepatih Dalem kang mréntah ingatasé nama Adipati Mangkunagara. Kalawan anané papréntahan kang manéka warna, nyebabaké tumpang tindhih kakuwasan lan saingan kanggo rebutan legitimasi masarakat lan papréntahan pusat.

 

Papréntahan DIS Oktober 1945 - Juli 1946

besut

Kanggo mrantasi gègèran lan tumpang tindhihing papréntahan DIS, nuli Pamaréntah Pusat ngutus Gubernur Jawa Tengah RP. Soeroso minangka panengah lan miwiti nggawé papréntahan kang anyar. Wiwit saka iku, papréntahan DIS dumadi saka:

  1. Komisioner ing Pemerintah Pusat
  2. Badan Pekerja KNI Wilayah Surakarta
  3. Direktori Wilayah Surakarta

Pulitik

besut

Ing umur kang itungané isih cekak, DIS ora uwal saka manéka warna gègèran pulitik.

Ékonomi

besut

Nganti saiki durung ana informasi jangkep babagan ékonomi DIS ing antarané taun 1945-1946.

Sosial Budaya

besut

Nganti saiki durung ana informasi jangkep babagan sosial lan budaya DIS ing antarané taun 1945-1946.

Panyigegan

besut

Ngèlingi kahanan gègèran ing Surakarta lan ora lumakuné papréntahan lokal kanthi èfèktif, banjur pamaréntah pusat nyigeg papréntahan Daerah Istimewa lan disulihi klawan papréntahan Karésidhènan kang mapan caket ana ing sangisoré Pamaréntah Pusat. Kanthi mangkono, wiwit tanggal 15 Juli 1946, Dhaérah Istiméwa Surakarta resmi disigeg tumekaning wektu kang ora dèn temtokaké. Sabanjuré papréntahan dilakokaké déning Pamaréntah Karésidhènan Surakarta.

Pambubaran

besut

Sawisé nampa atur pangayubagya awit kadaulatan nalika Dhésèmber 1949, Pamaréntah negara bagéan Républik Indonésia wiwit nata wilayahé. Ing tengahan taun 1950, Jawa dipérang dadi 3 propinsi lan tingkat propinsi khusus cacah 1. Kalimantan digawé propinsi administratif lan Sumatra dipérang dadi 3 propinsi. Tundhoné kalawan UU Républik Indonésia Nomer 10 taun 1950, Karésidhènan Surakarta minangka wujud métamorfosis saka Daérah Istiméwa Surakarta diatur dadi wewangkoning Provinsi Jawa Tengah. Saliyané iku, kabèh swapraja sing ana (monarki pra-Indonésia) sing isih ana sacara de jure utawa de facto dibusak kalawan UU No. 18 Taun 1965. Kanthi mangkono, mangka mungkasi kakuwasaning para panguwasa monarki Surakarta. Kahanan iki nuli dikuwataké kanthi pratélaning UU Nomer 32 Taun 2006 babagan Pamaréntah Daérah kang medharaké kang minangka wilayah khusus yaiku namung Daérah Istiméwa Acèh lan Daérah Istiméwa Yogyakarta.

Pangedegan Manèh

besut

Bebarengan karo binukané semangat otonomi dhaérah kanggo Papua (2001), Papua Kulon (2008), Acèh (2001 lan 2006), lan DKI Jakarta (1999 dan 2007) sarta pangukuhan status mirungganing Acèh (1999 lan 2006) lan Yogyakarta (2012), banjur ana wacana kanggo ngedegaké manèh Dhaérah Istiméwa Surakarta minangka péranganing NKRI. Salah sawijining cara kang dilakoni yaiku uji matèri menyang Mahkamah Konstitusi.

Cathetan

besut
  1. kawit taun 1957 dadi wewengkoning DIY
  2. kadadèn saka kacamatan Banjarsari, kecamatan Calamadu (kalebu Kertèn, Jajar, dan Karangasem), lan kacamatan Gondhangreja (kalebu Majasanga)
  3. kalungguhaning daerah istimewa satingkat karo provinsi utawa satingkat kabupatèn, utawa satingkat désa, nembé ana ing taun 1948 lumantar UU 22/1948, kamangka DIS wis disigeg/dibubarké sacara alus ing taun 1946, rong taun sadurungé UU iku disahaké

Deleng uga

besut