Daniel Defoe
Daniel Defoe (jeneng lair Daniel Foe; London, 1659/1661 – 24 April? 1731) ya iku sawijining panulis lan jurnalis Inggris.[1] Bapaké dianggep masarakat dadi wong kang murtad, amarga ora gelem dadi umat Gréja Inggris kang dadi Agama nagara ing Inggris.[1]
Daniel Defoe | |
---|---|
Lair | 1659 / 1661 (?) |
Pati | 24 April 1731 (?) |
Pakarya | Penulis, jurnalis, mata-mata |
Gènre | Petualangan |
Nalika isih enom, Daniel Defoe dadi bakul.[1] Pagawéan kang biyasa dilakoni para kaum kang dianggep murtad karo para masarakat ing jaman semana.[1] Sawisé rabi, Dhèwèké mèlu gabung ing usaha pambrontakan raja James II, lan akibaté usaha dagangé bangkrut.[1] Ing taun 1698 Daniel nerbitké karangan kang pisanan, wujud esei, banjur Daniel dikenal dadi pengarang ing bab pokok-pokok papréntahan.[1]
Minangka ahli pulitik kang liberal, tulisan-tulisané kang sifaté nyindir iku disenengi karo Raja William III.[2] Ing taun 1702, Ratu Anne wong konservatif lan anggota Gréja Inggris, munggah tahta.[2] Amarga iku Defoe ora disenengi lan akibaté dilebokké ning penjara.[2]
Ing umur 60 taun, Defoe wiwit nulis fiksi.[2] Robinson Crusoe ya iku buku karyanè kang pisanan kang nyritakè petualangan ing taun 1719, dijupuk saka pengalaman Alexander Selkirk.[2] Liwat buku iku Defoe nyiptakkè genre anyar ing donya sastra, robinsonade.[2] Banjur dièloni karo Captain Singleton (1720), Moll Elanders (1722), lan liya-liyané.[2]
Cathetan suku
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |