Dhugdhèran

(Kaelih saka Dhugdheran)
     

Dhugdheran ya iku salah sijiné adicara tradisi Kutha Semarang kang dianakaké seminggu sadurungé Pasa. Tembung dhugdèran iku dumadi saka "dhug-dhug" kang tegesè bedhug lan "dhèr" kang ngemu surasa swara mriem.[1] Dhugdèran padatan dianakaké ana ing Pasar Johar, nanging saiki dhugdèran dianakaké ana ing ngarep Stasiun Tawang. Dhugdèran racaké diramekaké kaliyan pasar tradisi, jajan-jajan pasar, dolanan-dolanan, lan sakpanunggalané. Dolanan kang khas ana ing dhugderan ya iku warak ngendhog lan dolanan pasaran kang digawé saka lemah (grabah). Acara puncak ing dhugdèran racaké dianakaké telung dina sadurungé pasa diwiwiti. Adicara iku diramekaké kanthi nganakaké karnaval warak ngendhog kang dipeloni para pejabat ana ing Kutha Semarang, para siswa kang kapilih, para seniman,lan sakpanunggalané.

Jogèd Semarangan lan Warak ngendhog ing karnaval Dhugdhèran (gambar kapacak ing Suara Merdeka 20 Juli 2012)

Sadurungé karnaval warak ngendhog dimulai, adicara iku diwiwiti kanthi donga bareng-bareng supaya kutha Semarang lan wargané dadi luwih apik kabèh.

Dhugdhèran saliyané kanggo sarana hiburan uga dimaksudaké kanggo sarana dakwah Islam.

Sajarah

besut

Dhugdhèran diwiwiti ing pamaréntahané Kanjeng Bupati RMTA Purbaningrat nalika taun 1891 minangka pratandha tekané wulan suci Ramelan.[2] Nalika semana, Raden Tumenggung Purboningrat ngersakaké anané tandha wiwiting pasa kanggo bebrayan agung Kutha Semarang. Awit saka iku, dianakakè kagiyatan ing alun-alun kang ditekani sakanané ètnis lan golongan masarakat Semarang.[3] Ing jaman kolonial Walanda fèstival dhugdèran dipusataké ing tlatah Simpang Lima Semarang.

Cathetan sikil

besut