Djaimin Kariyodimejo

(Kaelih saka Djaimin K.)

Djaimin Kariyodimejo (lair Yogyakarta,1939) iku salah siji sastrawan Jawa.[1] Dhèwèké kondhang kanthi karya-karyané sing awujud geguritan lan cerkak.[1] Karya-karyané iki akèh-akèhé nyaritakaké bab sing ana gegayutané marang Yogyakarta, amarga dhèwèké tresna banget marang kutha kalairané iki. Ora mung nyaritakaké bab Yogyakarta, Djaimin uga asring nggambaraké ngenani kauripané wong cilik liwat karyané, lan iki minangka kritik pulitik marang para panguwasa. Salah siji wujud kritik iki bisa didelok saka geguritan-geguritané dhèwèké ing antologi Siter Gadhing (1995). Antologi mau, miturut Djaimin lair saka "watak urip samadya, adoh watak keras, aja dumeh, lan tepa-slira." Karya-karyané Djaimin uwis akèh dibabar ana ing kalawarta abasa Jawa, ing antarané Panjebar Semangat, Djaka Lodhang, Pagagan, lan Panakawan.[1]

Karya

besut

Rujukan

besut
  1. a b c "Djaimin K.". Ensiklopedi Sastra Jawa. Yogyakarta: Balai Bahasa Yogyakarta. 2015.