Eko Heru Saksono

Eko Heru Saksono lair ing Tulungagung, Jawa Wétan tanggal 27 Agustus 1960.[1]

Pawiyatan

besut

Pengarang dwibasa (Jawa lan Indonesia) iki tamat SD taun 1972, SLTP taun 1975, SPG taun 1979, S-1 Jurusan Kurikulum lan Téknologi Pendidikan taun 1988, lan S-2 Manajemen Pemasaran taun 2001. Ing karya – karyané, dhéwékè asring anggunakaké sesinglon Eny Saksono. Ing organisasi kepengarangan, Eko Heru Saksono njabat dadi Sekretaris II Pengurus Pusat Sanggar Sastra Triwida ing Tulungagung (wetara 1984).

Karir Kepengarangan ditlatèni kanthi autodidak. Wetara taun 1980, nalika awit kaangkat minangka guru SD Bulus 1, Kecamatan Bandung, Kabupatèn Tulungagung, dhéwékè nyoba nulis guritan lan cerkak, banjur ngirim karya kasebut ing Djaka Lodang, Mekar Sari, lan Jaya Baya. Sawisé kuwi, dhéwékè ora amung nulis sastra Jawa, nanging uga sastra Indhonesia. Karir Kepengarangan Eko misuwur luwih apik sawisé dhéwékè njabat dadi anggota lan pengurus sanggar sastra Triwida.

Karya

besut

Eko Heru Saksono pancen dudu dokumèntator sing apik. Malah karya-karyané dhéwé sing wis kapacak ing medhia massa ora tau disimpen / didhokumèntasikaké kanthi apik. Sing jelas, nalika dadi pengarang, dhèwèké wis nulis geguritan, cerkak, novel, lan buku nonfiksi. Antarané cerkak “Bego” (Jaya Baya, 1980) lan “Sri Bandiyah” (Djaka Lodang, 1981), Novèl “Digul ah Digul” (Gramédia, 1989) lan “Pengorbanan” (Fajar Harapan, 1989), lan geguritan “Bujangan lan Lilin” (Pusaka Candra, 1983). Sawetara kuwi, buku nonfiksi sing wis ditulis yaiku “Pelajaran IPS” (Bina Ilmu,1986) lan “Kue Satu” (1993).

Rujukan

besut
  1. Suwondo, Tirto; Widati, Sri (2006). ANTOLOGI BIOGRAFI PENGARANG SASTRA JAWA MODERN. Yogyakarta: ADI WACANA. ISBN 979-99604-8-7.