Fonologi tembung fonologi kanthi étimologi kadadosan saking gabungan tembung fon ingkang tegèsipun uni, kaliyan tembung logi ingkang tegèsipun ngèlmu. [1] Fonologi minangka pérangan saking linguistik, pramila fonologi punika ngèlmu kang nyinaoni babagan uni basa kang dipunmèdhalakèn déning piranti pocap manungsa kang gadhah makna.[1]

Fonetik inggih punika cabang linguistik ingkang naliti uni-uni basa tanpa ningali menapa uni-uni punika saged dipunbentenaken tegesipun menapa botèn.[1]

Ingkang kalebet piranti pocap manungsa inggih punika: tutuk, lathi, lambé, pita swara, grana, telak, paru, wadja, langit-langit, anak tekak.

Jinis-jinis fonètik

besut
  • Fonètik artikulatoris utawi fonètik organis utawi fonètik fisiologis naliti kados pundi uni-uni basa dipunkasilaken saking piranti pocap manungsa ingkang angliputi: prakawis piranti pocap kang dipun-ginakaken kanggé ngasilaken uni basa, mékanisme arus udara kang dipun-ginakaken kanggé ngasilaken uni basa, kados pundi basa punika dipundamel, ngenani klasifikasi uni basa kang dipunkasilaken sarta kriteria menapa kémawon kang dipun-ginakaken, ngenani silabel, uga ngenani unsur-unsur utawi titikanipun suprasegmental kados ta tekanan, jeda, durasi, kaliyan nada. Nalika hawa dipompa saking paru-paru tumuju tenggorokan kanthi kedah nglewati rupakan tartamtu ing pita swara, saéngga hawa ingkang medal kedher lan saged ngasilaken uni. Manawi boten wonten rupakan ing pita swara boten saged ngasilaken uni, tegesipun namung ambegan kémawon.[2]
  • Fonetik akustik punika ingkang objekipun uni basa nalika mrambat ing udara, angliputi: gelombang bunyi sèsarengan utawi ingkan dipunwastani frekuensi, amplitudo, kaliyan resonansi.[2]
  • Fonetik auditori punika naliti kados pundi uni-uni basa dipuntampi kaliyan talingan, saéngga uni-uni punika saged dipunpirengaken saha dipunmangertosi, angliputi struktur kaliyan fungsi talingan, kados pundi mekanisme panampian uni punika saéngga saged dipunmangèrtosi. Jinis punika wonten gegayutanipun kaliyan ngèlmu kadokteran inggih punika kajian neurologi.[1]

Jinis-jinis uni basa

besut

uni vokal, uni konsonan, saha uni semi vokal

besut
  • Uni vokal inggih punika uni basa ingkang dipunasilaken kanthi cara artikulasinipun, udara medhal saking pita swara, lajeng angsal hambatan, swanten medhal kanthi posisi mulut tartamtu.
  • Uni konsonan kadadéan sakpungkasaning arus pocapan nglèwati pita swara dipunlajengaken ing gronggongan mulut kanthi angsal hambatan saking artikulator aktif kaliyan artikulator pasif.
  • Uni semi vokal inggih punika uni ingkang prosès pawujudanipun dipunwiwiti kanthi vokal lajeng dipunpungkasi kanthi konsonan.

Uni oral saha uni nasal

besut
  • uni oral→ medhal saking gronggongan mulut.
  • uni nasal→ medhal saking gronggongan hidung. tuladha: m, ny, ng, n.

Uni kanthi swanten saha uni boten wonten swanten

besut
  • uni kanthi swanten→ pita swara wonten getaran. tuladha: [b], [d], [g]
  • uni boten wonten swanten→ pita swara boten wonten getaran [p], [t], [s].[1]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e Chaer,Abdul.2009. Fonologi Basa Indonésia.Jakarta:Rineka Cipta.
  2. a b Veerhar, J.M.M. 2008. Asas-asas Linguistik Umum. Yogyakarta : Gadjah Mada University Press.