Foton yaiku partikel elementer ana ing fenomena elektromagnetik.[1] Biasane foton dianggep sing ngawa radiasi elektromagnetik, kaya cahya, gelombang radio, lan Sinar-X.[1] Foton béda karo partikel elementer liyané kaya elektron lan quark, amarga foton ora duwé bobot lan ana ing ruang vakum foton bisa obah karo kecepatan cahya, c.[1] Foton duwé sipat gelombang lan partikel ("dualisme gelombang-partikel").[1] Ana ing ngèlmu fisika, Foton (saka basa Yunani φως, ykang tegesé cahya) yaiku kuantum saka medan elektromagnetik lan salah siji partikel dhasar kang disinauni ing elektrodinamika kuantum (QED, Inggris: Quantum Electrodynamics) pérangan tuwa dhéwé saka Model Standar fisika partikel.[1] Awujud gelombang, siji foton tunggal nyebar ana ing kabèh ruang lan nuduhake fenomena gelombang kaya pembiasan lensa lan interferensi destruktif nalika gelombang dipantulake lan musnahake siji karo sijiné[1] Dadi partikel, foton mung bisa interaksi karo materi mindahke ènergi sakjumlah:

Foton kang dipancarake ing berkas koheren laser
,

tegesé yaiku yaiku konstanta Planck, yaiku laju cahya, lan yaiku dawa gelombange.[2][3] Saliyané ènergi partikel foton uga nggawa momentum lan duwé polarisasi.[2] Foton matuhi hukum mekanika kuantum, kang tegesé yaiku besaran-besaran saka foton sok ora bisa diukur kanthi pas.[2] Biasane besaran-besaran sak foton dijabarake dadi probabilitas ngukur polarisasi, posisi, utawa momentum.[2] Tuladhané yaiku foton kang bisa ngeksitasi salah siji molekul, sok ora bisa ngramalake sadurungé, molekul endi kang arep kena reksitasi.[2]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f Lewis, GN (1926). "The conservation of photons". Nature. 118: 874–875.
  2. a b c d e Isaac Asimov (1966). The Neutrino, Ghost Particle of the Atom. Doubleday.
  3. Isaac Asimov (1968). The Universe From Flat Earth To Quasar. Avon Books.