Radhiyasi

(Kaelih saka Radiasi)

Ing fisika, radhiyasi ndeskripsikake kabèh prosès nalika ènergi obah ngliwati médhia utawa ngliwati ruang, lan pungkasane deserap déning benda liya.[1] Wong kang nembé ngerti racaké nghubungke tembung radhiyasi ionisasi (tuladhané, ana ing nuklir, reaktor nuklir, lan zat radhioaktif), nanging uga bisa ngrujuk ing radhiyasi èlèktromagnètik (yaiku, gelombang radio, cahya inframerah, cahya tampak, sinar ultra violet, lan X-ray), radhiyasi akustik, utawa kanggo prosès liya kang luwih jelas.[1] Ing nyebabake radhiyasi yaiku nalika ènergi dipancarake (yaiku, obah metu menyang kabèh arah) saka sawijining sumber.[1] geometri iki kanthi alami ngarah ing sistem pengukuran lan unit fisik kang padha kanggo kabèh jinis radhiyasi.[1]

Telung jinis radhiyasi ion kang bisa nembus benda-benda padet: kertas, aluminium lan timbal

Radhiyasi ionisasi

besut

Ana jinis radhiyasi duwé ènergi kang cukup kanggo ionisasi partikel.[2] Lumrahé, prakara mau nglibatake elektron kang 'terlempar' saka thothok atom elektron, kang arep mènèhi momotan (positif).[2] Perkara iki sok ngganggu ana ing sisitem biologi, lan bisa nyebabake mutasi lan kanker.[2] Jinis radhiyasi racaké kadadéan ana ing limbah radhioaktif peluruhan radhioaktif lan sampah.[2] Telung jinis utama radhiyasi tinemu déning Ernest Rutherford, Alfa, Beta, lan sinar gamma.[2] Radhiyasi mau tinemu ana ing panjajalan prasaja, Rutherford nggunakaké sumber radioaktif lan nemu yèn sinar ngasilaké telung laladan kang béda.[2]

Radhiyasi non-ionisasi

besut

Radhiyasi non-ionisasi, ngacu ing jinis radhiyasi kang ora nggawa ènergi kang cukup per foton kanggo ngionisasi atom utawa molekul.[2] Jinis radhiyasi non-ionisasi yaiku[2]:

Gunane

besut

Pranala njaba

besut

Cathetan suku

besut