Furisode
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Furisode (振袖?) inggih punika kimono mawi lengen wiyar ingkang dipunagem déning wanita enèm ingkang dèrèng manten [1], Dipundamel saking bahan kanthi warni ingkang cerah, motif kain wujud kembang lan tuwuhan, kaÈndahan mangsa, kéwan utawi peksi ingkang dipungambar ngginakaken asta mawi teknik yuzen. Kain ugi saged langkung mewah kanthi tambahan bordiran benang emas. Bikakan ing pérangan lengen celak kaliyan kèlèk dipunwastani furiyatsuguchi (振八つ口?). Bikakan mau sengaja boten dipunjait dumugi mbentuk kantong lengen busana ingkang dipunsebat tamoto (袂?) dumugi pérangan pucuk lengen. Wiyaripun tamoto ing furisode dumugi 114 cm utawi menjuntai dumugi sakiwa-tengené pergelangan suku.
Miturut urutaning tingkat formalitas, furisode punika kimono ingkang paling formal [2] sejajar kaliyan kurotomesode, irotomesode, lan homongi. Furisode dipunagem minangka busana ingkang saé piyambak kanggé pista mantenan (nalika dugi minangka tamu utawi minangka busana penganten wanita), miai, lan upacara resmi, kados ta seijin shiki, wisuda, utawi resepsi bibar wisuda (shaonkai). Alas suku kanggé furisode punika zōri mawi hak inggil.
Jinis
besutAdhedhasar wiyaripun lengen, furisode kapérang dados tigang jinis inggih punika:
- ōburisode (furisode ageng, wiyaripun lengen kirang langkung 114 cm),
- chūburisode (furisode sedengan, wiyaripun lengen saking 90 cm dumugi 102 cm), lan
- koburisode (furisode alit, wiyaripun lengen saking 70 cm dumugi 80 cm).
Jinis furisode ingkang paling umum inggih punika chūburisode. Wanita kanthi yuswa 20 taun ngagem chūburisode nalika dugi ing seijin shiki. Nalika dipunulemi dhateng pista mantenan, tamu ngagem chūburisode mawi warni ingkang langkung peteng lan nyingkiri warni ingkang cerah. Pista ingkang boten formal lan upacara ngunjuk th (hatsugama) para tamu ngginakaken koburisode.
Sajarah
besutBikakan ing pérangan lengen kimono (furiyatsugichi) wiwitanipun asalipun saking kimono (kosode) kanggé lare ingkang sengaja dipunbikak kanthi wiyar ing pérangan kelek. Klambi kanggé lare boten ing pérangan kelek boten dipunjait supados lare langkung bébas gerak katandingan kaliyan tiyang ageng. Wonten ing lukisan Chigotaishi saking jaman Kamakura katingal satunggaling lare ngagem kosode ingkang gadhah furiyatsuguchi.
Model kimono saking Cina wiwitanipun mawi lengen ingkang sempit. Pérangan lengen awujud pipa kados lengen klambi busana kilenan (Barat). Kimono mawi lengen ingkang sempit kirang nyaman dipun-ginakaken wonten ing Jepang ingkang gadhah iklim lembab. Begayan lengen lajeng dipundamel sansaya wiyar supados angin saged mlebet. Furisode mawi lengen ingkang wiyar dipunkenal tiyang jaman sapunika asalipun saking model furisode wiwitan jaman Edo. Kala punika furisode dipundamel kanthi nyonto kostum mawi lengen wiyar ingkang dipunagem para penari.
Nalika paruh kapisan jaman Edo, wanita enem ngagem kimono kanthi pérangan lengen (tamoto) ingkang dipundamel sansaya wiyar miturut pangembangan mode. Saking taun 1658 dumugi 1672, wiyaripun tamoto kirang langkung 45 cm, nanging saking 1684 dumugi 1687 sansaya wiyar dumugi 60 cm. Wonten ing periode 1716-1735, wiyaripun dados 75 cm, lajeng tambah wiyar dumugi 87 cm antawisipun taun 1751 lan 1763. Bibar gesangipun rakyat ing tengahan jaman Edo sansasya makmur, furisode kondhang minangka busana ing kalangan tiyang èstri anak saking panguwais. Sanajan makaten, nembé saking jaman Meiji, furisode dipuntampi kanti wiyar minangka busana formal wanita enèm ingkang dèrèng manten.
Cathetan suku
besut- ↑ kimono[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)
- ↑ Jinis-jinis kimono[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)
Pranala njawi
besut- (ing basa Jepang) Furisode