Fusi asrep
Fusi asrep (Cold fusion) menika satunggaling jinis reaksi nuklir ingkang dipunwastani saged kedadosan wonten ing suhu kamar utawi suhu ingkang celak kaliyan suhu kamar. Menika benten sanget kaliyan fusi "panas" ingkang sampun dipunmangertosi kedadosan kanthi alamiah wonten ing lintang lan kanthi artifisial wonten ing bom hidrogen lan reaktor fusi prototip wonten ing tekanan ingkang ageng lan suhu jutaan derajat, lan benten kaliyan fusi ingkang dipunkatalisis muon. Ing wekdal menika dereng wonten model teoritis ingkang dipuntampi ingkang saged nerangaken kedadosanipun fusi asrep.
Ing taun 1989, kalih elektrokimawan saking Universitas Utah, Martin Fleischmann lan Stanley Pons, nglapuraken bilih piranti panaliten piyambakipun ngasilaken panas ingkang boten limrah ("panas langkung") kanthi agengipun ingkang dipunandharaken boten saged dipunterangaken kajawi kanthi proses nuklir.[1] Piyambakipun ugi nglapuraken manggihi produk samping reaksi nuklir alit, kalebet neutron lan tritium.[2] Eksperimen alit wonten ing meja menika ngginakaken elektrolisis toya abot wonten ing permukaanipun elektroda paladhiyum (Pd). Asil ingkang dipunlaporaken pikantuk kawigatosan ageng saking media lan nuwuhaken pangajeng-ajeng sumber energi ingkang mirah lan kathah.
Kathah ilmuwan ingkang nyobi ngambali eksperimen menika kanthi katrangan ingkang winates. Pangajeng-ajeng dados kirang amargi kathahipun kegagalan anggenipun ngambali, penarikan sawetawis laporan positif ingkang sampun dipunlaporaken, panemuan kekirangan metodologis saha kalepatan eksperimental wonten ing panaliten aslinipun, lan pungkasanipun, konfirmasi bilih Fleischmann lan Pons boten ningali produk samping reaksi nuklir ingkang dipunajeng-ajeng. Dumugi pungkasaning warsa 1989, kathah ilmuwan ingkang nganggep klaim fusi asrep sampun pejah, lan fusi asrep salajengipun pikantuk reputasi minangka ilmu patologis.[3][4] Ing warsa 1989 Departemen Energi Amerika Serikat (DOE) damel dudutan bilih asil laporan bab panas ingkang langkung boten maringi bukti ingkang meyakinaken minangka sumber energi ingkang migunani lan mutusaken boten ngalokasikaken dana mligi kangge fusi asrep. Tinjauan DOE kaping kalih ing warsa 2004, ingkang ningali panaliten enggal, dumugi dudutan ingkang sami lan boten ngasilaken pendanaan DOE kangge fusi asrep. Ing wekdal sapunika, amargi artikel bab fusi asrep arang dipunterbitaken wonten ing jurnal ilmiah utama ingkang dipuntelaah dening peer-review, pramila boten narik kawigatosan tingkat pengawasan ingkang dipunajeng-ajeng kangge publikasi ilmiah aliran utama.[5]
Ananging, sawetawis kawigatosan tumrap fusi asrep taksih lumampah ngantos puluhan warsa - tuladhanipun, upaya replikasi ingkang gagal ingkang dipunbiayai dening Google dipunterbitaken wonten ing Nature warsa 2019.[6][7] Sak menika, wonten komunitas alit panaliti taksih nglajengaken panaliten, asring ngginakaken istilah alternatif "reaksi nuklir energi rendah" (low-energy nuclear reaction; LENR) utawi ilmu nuklir materi terkondensi (CMNS).[8][9][10]
Sitiran
besut- ↑ "60 Minutes: Once Considered Junk Science, Cold Fusion Gets A Second Look By Researchers", CBS, 17 April 2009, diarsip saka asliné ing 12 February 2012
- ↑ Fleischmann & Pons 1989, kc. 301 ("It is inconceivable that this [amount of heat] could be due to anything but nuclear processes... We realise that the results reported here raise more questions than they provide answers...")
- ↑ Chang, Kenneth (25 March 2004), "US will give cold fusion a second look", The New York Times, dibukak ing 8 February 2009
- ↑ Ouellette, Jennifer (23 December 2011), "Could Starships Use Cold Fusion Propulsion?", Discovery News, diarsip saka asliné ing 7 January 2012
- ↑ Goodstein 1994 , Labinger & Weininger 2005, kc. 1919
- ↑ Koziol, Michael (22 March 2021). "Whether Cold Fusion or Low-Energy Nuclear Reactions, U.S. Navy Researchers Reopen Case". IEEE Spectrum: Technology, Engineering, and Science News (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-03-23.
- ↑ Berlinguette, C.P.; Chiang, YM.; Munday, J.N.; et al. (2019). "Revisiting the cold case of cold fusion". Nature. 570 (7759): 45–51. Bibcode:2019Natur.570...45B. doi:10.1038/s41586-019-1256-6. PMID 31133686. S2CID 167208748.
- ↑ "'Cold fusion' rebirth? New evidence for existence of controversial energy source", American Chemical Society, diarsip saka asliné ing 21 December 2014
- ↑ Hagelstein et al. 2004
- ↑ "ICMNS FAQ". International Society of Condensed Matter Nuclear Science. Diarsip saka asliné ing 3 November 2015.