Gayam (Inocarpus fagifer)
Reproduksi vegetatif Kalanchoe pinnata
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Angiosperms
Klas: Eudicots
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Génus: Inocarpus
Spésies: I. fagifer
Jeneng binomial
Inocarpus fagifer
(Parkinson ex Zollinger) Fosberg
Sinonim
  • Aniotum fagiferum Parkinson
  • Bocoa edulis (J. R. Forst. & G. Forst.) Baill.
  • Cajanus edulis (J. R. Forst. & G. Forst.) Kuntze
  • Inocarpus edulis J. R. Forst. & G. Forst.
  • Inocarpus fagiferus (Park.) Fosb.

Gayam (Incarpus fagifer) inggih punika woh-wohan ingkang sampun langka. Gayam dumunung ing désa kemawon. Gayam punika gadhah kulit ingkang alot kados klapa. Mangsa gayam sami kaliyan mangsa pari inggih punika mangsa rendheng lan katiga.[1]

Deskripsi

besut

Gayam gadhah wit ageng ingkang nginggilipun 30 ngantos 40 m. Diameter watangipun saged ngantos 1,5 m. Kulit watang gayam wernanipun cokelat cemeng kaijoan. Watang gayam boten rata nanging gelombang. Pérangan pangkal watang kados akar papan. Kayunipun saged dipunmanfaataken kanggé kayu obong. Godhong gayam wentukipoun elips panjang. Panjang godhong 25 cm lan lebar 10 cm. Godhong gayam kandhel lan wernanipun ijem cemeng lan lumahipun gelombang. Tajuk gayam rapat sanget, nanging arahipun ing wentuk panjang dhuwur. Kembang gayam ukuranipun alit kanthi kelopak putih lan modhot ing sisihipun godhong pérangan pucuk pekeng.

 
Buah Gayam

Papan Urip

besut

Gayam inggih punika tuwuhan asli Indonesia. Panggènipun ing dhataran cendhèk ngantos manengah (0 ng. 800 m. dpl.) kanthi curah udan nginggil. Tuwuhan punika lajeng remen urip ing papan rawa-rawa utawi pinggiran lepen. Saking sipat-sipatipun gayam cocog kanggé tuwuhan panghijoan ing pinggir waduk, tlaga utawi rawa. Amargi tajukipun ingkang rapat lan oyotipun kiyat. Amargi kayunipun boten saged dipunmanfaataken kanggé yasan, pramila gayam aman saking panjaraan.

Reproduksi

besut

Gayam ngrembaka kanthi generatif saking wiji. Wit gayam ingkang sampun tuwa, dipunkum ing toya ngantos 1 wulan. Salajengipun wiji dipunsemai ing kranjang ingkang wonten pasiripun. Panyemaian dipunlajengaken kanthi sap-sap. Setunggal sap pasir dipunparingi wiji gayam ingkang sampun dipunkum, diparingi pasir malih. Ing satunggal kranjang saged dipunsemai kathah sap wiji gayam. Sesampunipun 3 wulan, semaian dipunbongkar lan wiji gayam sampun dados kecambah. Sanèsipun punika, ugi saged dipunpindhah ing polybag, lajeng dipunentosi ngantos nginggilipun 150 cm nembé dipunpindhah ing lapangan.[2]

Cathetan suku

besut
  1. kesehatan.kompasiana.com Archived 2010-12-27 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 5 Fèbruari 2012)
  2. foragri.blogsome.com Archived 2012-01-05 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 5 Fèbruari 2012)