Gadog
Gintungan, Bischofia javanica
dari Kaligambir, Panggungrejo, Blitar
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiospermae
Unranked: Eudikotil
Unranked: Rosidae
Ordho: Malpighiales
Famili: Phyllanthaceae
Tribe: Bischofieae
Génus: Bischofia
Blume
Spésies: B. javanica
Jeneng binomial
Bischofia javanica
Blume[1]
Woh Gintung

Gintungan, gintung, gentung (Bischofia Javanica) kepanjing wit kayu utan ingkang milai jarang ditemukaken teng Jawa. inggilipun wit Gintungan nyampe 50 meter ingkang batangipun nggadahi diameter 1 meter. Wit Gintungan saged cukul sampe dataran inggil (langkung 1.000 m dpl). Teng wilayah Sumatra Gintungan dipun sukani nama kerinjing,

teng Sunda: gadog utawi ki maung, teng Ternate: simamo. Umumipun wit gintungan mung dimangpaataken kayune. Kayu gintungan kepanjing golongan kayu sedeng sampe akas. Mulané saged dienggé wangunan perumahan, jembatan utawi pertambangan. Piturut kabar kayu gintungan cekap awete lamun saged kelindung saking pengaruhipun cuaca, misale ngangge rangkanipun bangunan, utawi pekakas ingkang wonten teng lebet griya. Nanging, kayu gintungan radi sesah dipun garingaken minangka gampil retak, pecah lan rubih bentuke. mulane lamun dipun gawé papan ingkang tipis kirang saé kasilé minangka gampil pecahlan mlengkung kulantaran ageng pisan penyusutane.[2]

Nami-nama désa besut

 
Gintungan kang ngembang

Désa-désa teng Jawa Wétan/Jawa Tengah/DIY ingkang ngginakaken nama gintungan dados nama dhusun yaniku:

  1. Gintungan, Kembangbahu, Lamongan
  2. Gentungan, Mojogedang, Karanganyar
  3. Gentungan, Gebang, Purworejo
  4. Kaligintung, Pituruh, Purwerejo
  5. Gintung, Comal, Pemalang
  6. Cigintung, Wanareja, Cilacap
  7. Gintungreja, Gandrungmangu, Cilacap
  8. Karanggintung, Gandrungmangu, Cilacap
  9. Karanggintung, Sumbang, Banyumas
  10. Kaligintung, Temon, Kulon Progo

Rujukan besut

  1.   Austria 1826. Bijdr. 17: 1168
  2. Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.